Bahasa Kawi

BAHASA KAWI
1. Makna Istilah ‘kawi’
Kata kawi (n): 1. bahasa Jawa kuno; 2. bahasa Jawa yang lazim dipakai dalam kesusastraan. Kawi (a): kuat; kukuh; sakit adat yang —– adat yang tetap berlaku sejak dahulu kala. Kawi (n): pengarang; pujangga (KBBI).
Kawi (S): 1. kw. pengarang; pujangga; 2. (ut. kakawin) kw. karangan, tembang; 3. kn. tembung-tembung kang kanggo ana ing kapujanggan (layang-layang, tembang lsp.) ora kaprah dianggo padinan; 3. kn. tembung Jawa Kuno; dikawi: dikarang; dirumpaka (Porwadarminta, 1939: 194)
2. Têmbung Kawi
Akèh têmbung-têmbung kang kanggo ana ing Padhalangan utawa ing layang-layang wacan, luwih-luwih ing layang têmbang, kang lumrahe padha dingrêtèni têgêse, nanging ora tau diênggo pêdinan. Iku jênênge têmbung kawi. Dadi titikane têmbung kawi mono: Têmbung kang uga lumrah kanggo ana ing padhalangan utawa têmbang, nanging yèn kanggo ana ing pagunêman pêdinan kok malah rada dadi gêguyon. Cacahe ± 2.500. Tuladha sawêtara, kayata:
suryabantalaandakajanma
kartikapawanasatawiku
gaganasamodrakukilanarendra
wiyatbramakuthilaapsara
akasatirtawrewanara
Akèh bangêt panunggalane, lan pancèn isih kanggo ing kapustakan. Malah jênêng-jênêng lan têmbung-têmbung anyar ing basa Indonesia iya akèh kang njupuk saka têmbung kawi iku, kayata:
siswapidanatriwacana
wismawarsamawapanitra
priyasaptasarjananara
wanitapancabudayajaya
prêwiradwiciptaudara
3. Têmbung Kuna
Têmbung-têmbung Jawa kang maune kanggo ing layang-layang, nanging saiki wis ora kêsrambah, wis ora ana kang nganggo, iku arane têmbung kuna. Dadi beda têmênan karo têmbung kawi ing angka 7.
Tumrape kang sênêng nyinau layang-layang kuna, yasan jaman Majapahit sapandhuwur, yasaning lêluhur ing abad IX têkan XV, têmbung-têmbung Kuna iku wis ana kamuse, gaweyane Dr. Juynboll ing th. 1923, nanging saiki wis ora ana sing adol. Prof. Dr. Zoetmulder guru besar Gajahmada, wis rampung olèhe yasa “Kamus Jawa-Kuna” iku, mung kari ngêntèni mêtune saka ing pangêcapan. Dene layang-layang Jawa-kuna kang saiki diênggo sinau ing pamulangan ya wis kêpara akèh, sing tuwa dhewe layang kanggo sêkolahan SMA jênênge layang “Sarwa-Sastra” I, II lan III, wêton Usaha Penerbitan “Indonesia” ing Yogyakarta wiwit taun 1952. Têkan saiki isih ambal-ambalan dicap.
Satêmêne akèh bangêt têmbung Jawa iku kang asal saka têmbung Indhu, nanging wis ora kêtara. Jare yèn ditliti têmênan têmbung-têmbung Jawa saiki iki luwih sêparo kang asal saka têmbung-têmbung Indhu, nanging kang isih krasa yèn dudu Jawa, krasa yèn têmbung manca, ya ora piraa, malah banjur wis dilêbokake têmbung kawi bae.
Kawi iku têgêse pujangga, yaiku pêngarang kang wohing karyane kêna sinêbut sastra-èdi. Dadi têmbung kawi iku têmbung-têmbung kang kêlumrah dipigunakake dening para kawi. Mangka para kawi (= para pujangga) Jawa wiwit ing biyèn-biyèn (abad VII) kulina nyinau layang-layang Indhu ing basa Sansekerta. Lah wis layak bae yèn têmbung-têmbung Jawa akèh kang asal Sansekerta iku. Wujude têmbung asal Sansekerta iku, kayata:
parama-arthaprawiranarendra
swa-bawana-paksabupatiwaranggana
pandhitasenapatimantri

Ôngka: 6, Juni 1926. Taun V.
Pusaka Jawi
Wêdalipun sabên wulan
Ingkang ngêdalakên: Pakêmpalan
Yapa Insêtitut (JAVA INSTITUUT)
Redhaksi:
Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugônda, Yasawidagda
4. Wawasan Bab Basa Jawi
Kala kina-kinanipun basa Jawi punika dede basa ingkang luhur. Inggih lêrês sawênèh mastani bilih lêlampahan ing alam donya punika kenging kaupamèkakên sêkar. Sêkar punika wiwitanipun alit, saya dangu saya agêng, mêkar lajêng anggègrègi. Ananging mênggah ing basa Jawi pêpindhan punika kirang mathis. Basa Jawi punika kula upamèkakên tiyang lumampah ing tanah parêdèn, wontên kalanipun minggah, saya dangu saya inggil ngantos dumugi ing pucak, lajêng mandhap, sarêng sampun dumugi ing ngandhap lajêng wiwit minggah malih.
Kala saantawisipun taun 100-200 tanah Jawi wiwit kadhatêngan bôngsa Hindhu. Mênggah bôngsa wau dhatêngipun saking tanah Hindhustan sisih kidul. Nalika samantên bôngsa wau kasagêdanipun ing bab punapa kemawon langkung inggil katimbang bôngsa Jawi. Langkung malih bab agami. Mila bôngsa Jawi inggih lajêng kathah ingkang manut. Botên namung bab agami, tatacara saha kasagêdan ingkang dipun ênut, dalah basanipun pisan ugi dipun tiru. Kathah têmbung-têmbung ingkang sapunika dipun akên dados gadhahanipun, ananging sajatosipun asal saking têmbungipun tiyang Hindhu. Mênggah basanipun tiyang Hindhu wau dipun wastani basa Sangsêkrita. Basa Sangsêkrita wau kathah ingkang kasrambah ing basa Jawi, langkung malih ing sêrat-sêrat ingkang ngangge sêkar.
Dhatêngipun bôngsa Hindhu ing tanah Jawi punika kabêkta saking anggènipun lêlayanan dagang kalihan nagari Cina. Tanah Jawi punika minôngka pakèndêlanipun, mila inggih kathah têmbung Sangsê-
krita ingkang gêgayutan kalihan daga ingkang dados panunggilanipun basa Jawi, kados ta: baita (wahitra), usaha (utsaha).
Ing sarèhning agami Hindhu kala rumiyin dipun ênut dening bôngsa Jawi, mila inggih kathah têmbung-têmbung Sangsêkrita ingkang magêpokan kalihan bab agami, ingkang sapunika sampun dados têmbung Jawi, kados ta: rêca (arcca), puja (puja), hyang, brahmana.
Saking bôngsa Hindhu tiyang Jawi ugi sinau warni-warni, kados ta: ulah têtanèn, nyêrat sinjang, damêl candhi tuwin sanès-sanèsipun. Dene manawi damêl sinjang ingkang kadamêl pulas biru tarum (tom). Ing tanah Pasundhan nalika samantên dipun tanêmi tom kathah sangêt, ngantos lèpèn ingkang agêng piyambak ing tanah Pasundhan kawastanan Citarum.
Tiyang Hindhu punika botên namung trimah agami, adat saha tatacaranipun kemawon ingkang dipun tiru ing tiyang Jawi, dalah sêrat-sêratipun sawatawis inggih dipun akên gadhahanipun piyambak, sarta lajêng kasantunan têmbung Jawi, saha lajêng kawangun ngantos lêlampahan ingkang kasêbut ing sêrat-sêrat wau kêlampahanipun kados wontên ing tanah Jawi. Pamangunipun wau mawi rêrekan, sakathahing rêdi-rêdi utawi panggenan ing tanah Jawi kanamakakên manut nama-nama ingkang kasêbut ing Mahabarata, kados ta: namaning nêgari: Madura, Ngayogya.
rêdi : Sêmèru, Mahendra, Indrakila.
candhi : Prambanan, Barabudhur.
Namaning lèpèn: Sêrayu.
Bôngsa Jawi punika ingkang jamboran botên namung adat tuwin tatacaranipun kemawon, dalah kasusastran tuwin cêcriyosanipun sampun botên Jawi dêlês, sampun kawoworan warni-warni. Bab wêwahan saking dayanipun agami Hindhu kalawau sampun kula aturakên.
Wêwahan ingkang tuwuhipun saking tumangkaripun agami Islam inggih punika sêrat Menak (cariyosipun Amir Hamsah) sêrat Menak wau asli cariyos saking Pèrsi, (Dr.v.Ronkel), sarta mawi katêrangakên pisan lampahing tular-tumularipun cariyos wau dumugi ngantos kadadosanipun kadhapuk kangge lampahan ringgit Menak.
Dêlêgipun cariyos ingkang dêlês Jawi punika prasasat dèrèng dipun udi, ananging wontênipun sampun têtela, inggih punika warni cariyos utawi dêdongengan warni-warni, ingkang samangke sampun ical utawi kantun dados dongèng, salong sampun wontên ingkang kapacak ing sêrat, wontên ingkang kacarub kalihan cariyos asli saking ngamônca, kados ta: cariyos lêlampahanipun Radèn Panji ingkang ngantos warni-warni.
Kala taun 775 sampun wontên pujôngga saha juru nyênyêrati ing basa Jawi, awit bôngsa Hindhu botên sagêd ngêsuk basanipun tiyang siti babarpisan, bôngsa Hindhu kintên-kintên amung sagêd amêwahi sagêdipun basanipun tiyang siti dados basa ingkang kangge wontên ing sêrat-sêrat. Kala taun sewonan basa Jawi sampun katingal adiluhung, amila kenging dipun tamtokakên bilih ing sadèrèngipun tamtu sampun wontên sêrat-sêrat waosan.
Tiyang Jawi inggih sampun sami sumêrêp dhatêng sêrat Mahabarata, saha sêrat Ramayana, sêrat kêkidungan basa Sangsêkrita, malah saking pahamipun dhatêng cêcriyosan wau, lami-lami lajêng kapêndhêt kadamêl cêcriyosan ringgit. Saking pandamêlipun tiyang Hindhu, jamanipun Jawi lajêng kathah sangêt ewahipun. Pranatan silah-silahing golongan, adamêl sangêting pisahipun bôngsa. Wontênipun têmbung ngoko kalihan krama ing basa Jawi lajêng pilah, punika botên têrang, punapa inggih saking dayanipun bôngsa Hindhu. Sababipun ingkang maton ngantos sapriki dèrèng kasumêrêpan. Prof Kern mastani bilih beda-bedaning têmbung wau saking mindhak-mindhakipun pamali. Ing basa Jawi kina panganggenipun krama lan ngoko kacarub kemawon, pilahipun wiwit taun sèwu gangsal atusan, nanging inggih botên têrang sababipun.
Ing tanah Jawi basa ingkang dipun wastani kina piyambak punika basa Kawi. Kawi têgêsipun pujôngga, sujana. Basa Kawi punika dados kenging dipun têgêsi basanipun pujôngga, kados ingkang tumrap ing têturunanipun sêrat kina-kina, ingkang sapunika taksih wontên, nanging kawruh dhatêng basa Kawi wau ing jaman sapunika prasasat sampun sirna. Ing pawingkingipun nalika tiyang Jawi suda pamarsudinipun dhatêng basa Kawi tulèn, para pujôngga ngangge Kawi tugêlan, ingkang dipun wastani Kawi miring. Mila dipun wastani makatên, dene kathah lèrègipun dhatêng basa Jawi, lan malih ingkang tumrap ing sêrat jarwa ngangge têmbung, ingkang sampun prasasat basa Jawi wantah, punika nelakakên manawi jaman wêkasan punika kawruh dhatêng basa Kawi sampun sirna.
Basa Sangsêkrita punika babonipun Kawi, têgêsipun Sangsêkrita: langkung, rinêngga, sampurna. Dene risakipun têmbung Sangsêkrita kanggenipun ing Kawi lan ing Jawi, têtela saking panandhingipun têmbung tigang prakawis wau, ing sawatawis kasêbut punika:
jêksa (Kw) daksa (Skr) têgêsipun: sujana, wong wicaksana.
dipa (Kw) dipa (Skr) = ddamar
dipa (Kw) dwipa (Skr) = gajah, (dwi = loro, pa= pangombe). Gajah manawi ngombe dipun sêrot ing irung, lajêng dipun lêbêtakên ing cangkêm.
Wiwitipun sêrat-sêrat waosan Jawi mumbul (sêrat Jawi kina utawi Kawi), punika kala ing jamanipun Prabu Èrlangga 1010-1042 saking kêparêngipun sang prabu, sêrat kidungan Hindhu upaminipun Mahabarata, ingkang cariyosipun sawatawis, sampun kasumêrêpan dening tiyang Jawi, lajêng kajawèkakên, pujôngganipun nama Êmpu Kanwa.
Ing salêbêtipun Prabu Jayabaya jumênêng nata, kawontênanipun sêrat-sêrat Jawi kina sawêg mumbul-mumbulipun, ing jaman samantên wontên pujôngga nama Êmpu Sêdhah saha Êmpu Panuluh ingkang damêl sêrat Boratayuda, (ing taun 1157) inggih punika prêtalanipun Sangsêkrita nama Mahaborata kapêndhêt namung saperangan. Sêrat wau amratelakakên paprangan ingkang kêlampahan ing tanah Hindhustan. Lêlampahan wau kaembakakên ing tanah Jawi, sarta para prawiranipun bôngsa Hindhu kaanggêp tiyang Jawi. Ingkang makatên wau tumrapipun sêrat wau anjalari sangêt anggènipun dipun ajêngi ing tiyang, sarta ing salajêngipun para prawira Hindhu ingkang kocap wontên ing sêrat wau lajêng kaanggêp pancêring lêluhuripun para luhur Jawi.
Sêrat Boratayuda Kawi taksih miturut babonipun ingkang têmbung Sangsêkrita. Namung Sêrat Baratayuda jarwa punika sampun ewah sangêt. Tiyang Jawi punika mênggah ing tatakrama kagolong munjuli. Kabêkta saking tatakrama wau basanipun tiyang Jawi dados langkung alus. Kasugihanipun tiyang Jawi ing bab têmbung ingkang saking bêbantunipun têmbung Sangsêkrita, ing pawingkingipun saya wêwah. Têmbung-têmbung Sangsêkrita ingkang asring kangge ing basa Jawi, kados ta:
suka ing basa Jawi: suka.
dhoeka ing basa Jawi: duka.
manusya, ing basa Jawi: manusa.
stri, ing basa Jawi: èstri.
ksatrya, ing basa Jawi: satriya.
suksma, ing basa Jawi: suksma, tuwin sapanunggilanipun.
Wiwit ngangge têmbungipun bôngsa sanès, margi saking sêsrawunganipun lampah dagang, kados ta: bôngsa Arab, Pèrsi, Portêgis, Walandi, bôngsa Mlayu tuwin bôngsa Cina, kasugihanipun tiyang Jawi bab têmbung saya wêwah.
Kala taun 1293 tanah Jawi lêlayanan dagang kalihan bôngsa Cina. Nalika samantên ingkang dados kasênênganipun tiyang, barang-barang porsêlin pêthak utawi biru saking nagari Cina, mêrjan, kasturi. Dayanipun bôngsa Cina ing tanah Jawi botên patos agêng, mila têmbung-têmbung Cina ingkang lumêbêt ing basa Jawi inggih botên sapintêna kathahipun, kados ta: kongsi, tangkuwèh, lotèng, conto, tauge, congkog, yasin, mêkao, tuwin sapanunggilanipun. Ing taun 1500 katungka lumêbêtipun agami Islam ing tanah Jawi. Pamulangipun dhatêng tiyang Jawi, kuwajibanipun prakawis agami ingkang prêlu: bab anglampahi ngibadah. Juru mêncarakên agami kanamakakên wali (tiyang suci). Têmbung-têmbung ingkang magêpokan kalihan agami upaminipun: masjid, imam, ngimanake, salat, sujud, sarengat, adan, lapal, sêdhêkah, kutbah, namanipun wanci: subuh, luhur, ngasar, magrib, ngisak.
Raja-raja Islam sêbutanipun: sultan, dalah namanipun tiyang inggih niru cara Arab, kados ta: katijah, siti maryam, saphiyah, saphingi, bakri, salèh, mursid.
Mênggah têmbung-têmbung Arab sanèsipun ingkang asring kasrambah ing basa Jawi, kados ta: napsu, pêrlu, wahyu, gaib, eklas, pitênah, saha sanès-sanèsipun.
Namanipun dintên: Isnain, Salasa, Arbaa, tuwin salajêngipun.
Namanipun wulan: Mukharam, Shapar sapanunggilanipun.
Manawi kula dolan dhatêng pondhok, ningali kitab ingkang wontên cara Jawinipun, lajêng sumêrêp bilih anggènipun anjawèkakên punika satêmbung-satêmbung kaurutakên, limrahipun ing nginggil têmbungipun Arab, ing ngandhap têmbungipun Jawi. Ingkang makatên wau botên anggumunakên bilih pangroncenipun têmbung-têmbung beda kalihan ing ukara Jawi ingkang lugu. Wangsul sarêng kula maos kitab sanès-sanèsipun ingkang sampun kajawèkakên (têmbungipun Arab botên dipun sêrat) punika têka lajêng gadhah pangraos manawi basanipun Jawi ing ngriku nylênèh. Pangrakiting ukara beda kalihan ukara Jawi ingkang lugu, punapa malih têmbungipun inggih kathah têmbung Arab, upaminipun: ana pun ngawruhi rukune Islam ingkang awal iku ngawruhi ing maknane kalimah roro, iya iku kang dèn arani ilmu usul lan ilmu tokhid.
Saking kathahipun têmbung Arab ingkang lumêbêt ing basa Jawi, ngantos manawi kula kintun sêrat kartu pos kemawon ngangge kula cêmplungi têmbung Arab, kados ta: ing nginggil kula sêrati salam utawi taklim.
Agami Islam punika rumasuk sangêt dhatêng sanubarining bôngsa Jawi, ngantos kathah kemawon tiyang ngudang anakipun ingkang taksih alit: dang gêlis gêdhe, dang bisa ngaji.
Tiyang èstri manawi nglela-lela anakipun wontên ingkang sarana dipun kidungi, mênggah maksuding kidungan wau têka inggih tumuju dhatêng agami Islam, upaminipun: umpuk umpang umpuk umpang, ana kodhok bisa sêmbahyang, sêmbahyang nyang mêsjid Lamongan, Lamongane muji-muji, Sadirah lunga ngaji, lunga ngaji nyang Banjarsari, sangune dhuwit sêtali, durung sasasi wis katam surat prêjanji.
Ing taun 1522 tiyang Portêgis dhatêng ing tanah Jawi prêlu bêbrayan kalihan Raja Hindhu ing tanah Pasundhan, awit kathah pamêdalipun mrica. Tiyang Portêgis wontênipun ing tanah Jawi botên dangu, mila têmbung-têmbung Portêgis ingkang lumêbêt ing basa Jawi inggih botên sapintêna, kados ta: antero, lêmari, bandera, greja, Minggu. Kala ing taun 1596 dhatêngipun bôngsa Walandi ing tanah Jawi. Nalika samantên sêratan Jawi ingkang kabêkta wangsul dhatêng nêgarinipun taksih wontên ing lontar. Bôngsa Walandi dhatêngipun ing tanah Jawi punika prêlu dêdagangan, dangu-dangu sagêd ngêrèh tanah Indhia Nèdêrlan. Têmbung Wlandi punika pakêcapanipun tumrap tiyang Jawi angèl, mila tiyang ingkang dèrèng sinau basa Wlandi anggènipun ngucapakên inggih sasêkecanipun kemawon, kados ta: obrus (overste), jendral (Generaal) mêsin, (machine) jas, (jas) dhungkrak of dom kêras =dommekracht sêtolomondong =(Baltazar) Sur Lemonde, mur jangkung =Jan Coen lan sapanunggilanipun.
Kula nate dolan dhatêng palabuhan Surabaya, ing ngriku mirêng têmbung: dhrodhog, kajêngipun: droogdok tiyang nglampahakên baita mungêl: têrèt, kajêngipun: achteruit têmbungipun tiyang tani: mès (mest).
pandhe: mur, sêkorup, tang, amêr, drèi.
saradhadhu: mangkir, patroli, kêmandhah, angkil.
sayang: disodhèr (dipatri).
tukang batu: sêtègêr, pandhêmèn, plêstèr.
grêji: mal, nat.
kusir: bong, lis, ngas.
pulisi: rundha, prosès prêbal, relas, rêpot, dibêslah.
priyantun: sêtor, bênum, disêkorês, mindring, dipun dhèp.
murid: prèi, lès, diêrès, kursus, surtipikat.
Ing sarèhning bôngsa Walandi wontênipun ing ngriki punika ngêrèhakên, mila inggih kathah pranatan-pranatan ingkang anjalari rumasukipun têmbung Walandi ing basa Jawi.
Sarêng dumugi ing abad 18 tiyang Jawi sawêg sami purun marsudi babad saha kasusastran malih. Nanging ing salêbêtipun sawatawis abad ingkang kapêngkêr sampun kêkathahên lêlampahan ingkang botên kasumêrêpan, kêkantunaning sêrat-sêrat kina sampun kabangun dening têtiyang Islam.
Kala jamanipun swargi K.G.P.A.A. Mangkunagara IV inggih punika ing taun 1811(?)1881, ing tanah Jawi kathah ingkang marsudi kasusastran Jawi, kados ta: panjênêngan dalêm kangjêng gusti piyambak, tuwan Wintêr, Radèn Ngabèi Rônggawarsita.
Saking dangunipun tiyang Jawi kaprentah ing bôngsa Walandi, botên nama anèh bilih tiyang Jawi, langkung malih ing kitha-kitha, tuwin ingkang sêsrawungan kalihan Walandi, basanipun Jawi risak. Mênggah sabab ingkang agêng piyambak inggih punika wontênipun pamulangan Walandi tuwin H.I.S.
Wiwit taun 1907, tiyang Jawi ngudi sangêt supados anakipun sagêda angsal piwulang basa Wlandi. Saya lami saya kathah cacahipun pamulangan ingkang mawi wulangan basa Wlandi. Kala taun 1915 pamulangan ôngka I dipun dadosakên H.I.S. ing ngriku wancinipun pasinaon kathah ingkang kangge sinau basa Wlandi. Mênggah wontênipun wulangan basa Wlandi punika migunani sangêt tumrap bôngsa Jawi, prêlu kangge nyinau kawruh kilenan. Milanipun makatên, awit buku-buku ingkang isi kawruh punika, basanipun basa Wlandi, kados ta: kawruh bab kadhoktêran, ngèlmu alam, ngèlmu pamisah, ngèlmu têtanèn, ngèlmu bumi tuwin sapanunggilanipun. Ing sarèhning pangudi dhatêng basa Walandi punika prêlu sangêt, mila inggih botên mokal manawi para mudha Jawi rêmbagan kalihan kônca-kancanipun Jawi, ngangge basa Wlandi, prêlunipun kangge nglanyahakên. Mênggah nyatanipun sapunika wohipun pamulangan H.I.S pancèn sae, murid-murid wêdalan H.I.S. kathah ingkang sami katampèn ing Mulo dene kasagêdanipun bab basa Wlandi inggih sagêd nandhingi murid-murid wêdalan pamulangan Walandi. Ananging kauningana, saking adrêngipun ngudi basa Wlandi, ngantos botên ngèngêti basanipun piyambak. Wontên ing pamulangan H.I.S. basa Jawi dipun sêpèlèkakên sangêt. Dene wontênipun nyêpèlèkakên wau nalaripun warni-warni:
1. Cacahipun jam wulangan basa Jawi ing salêbêtipun saminggu sakêdhik sangêt, dados kenging dipun wastani wulangan Jawi namung kala-kala.
2. Aosipun wulangan basa Jawi kirang, upaminipun wontên murid ingkang bijinipun Jawi angsal 4, Wlandi 6, lare wau sagêd minggah, kosok wangsulipun bijèn Jawi angsal 8, Wlandi 4 lare wau botên minggah.
3. Wontên ing griya. Wontên tiyang sêpuhipun lare ingkang mênging anakipun sinau basa Jawi, kapurih sinau basa Wlandi kemawon, awit punika ingkang prêlu.
Mênggah pamanggih kula iba saenipun wohing H.I.S. bilih murid wêdalan kêlas 7 kasagêdanipun basa Wlandi têtêp kados wontênipun ing sapunika, nanging kasagêdanipun bab basa Jawi langkung katimbang sapunika. Sampun ngantos anglênggahi bêbasan amburu ucêng kelangan dêlêg.
Saking dayanipun basa Wlandi wontênipun basa Jawi sapunika mêmêlas sangêt, têmbung-têmbung Wlandi kathah ingkang dipun êngge ing basa Jawi, malah wontên ingkang dipun rimbag, dipun atêr-atêri utawi dipun panambangi, kados ta:
Têmbung stort dados: nyêtor, disêtor.
Têmbung verlof dados: pêrlopa, dipêrlopake.
Têmbung voorschot dados dakpêrsêkotane.
Dhapukaning ukara kathah ingkang cengkok Walandi, kados ta:
Lêmari iku digawe saka kayu, lêrêsipun: lêmari iku sing digawe kayu.
Kanggone aku ora mupakat, lêrêsipun: yèn aku ora rujuk.
Iki dluwang kanggo aku, ya. Lêrêsipun: dluwang iki dakpèke, ya.
Sapunika Suta sampun botên dados priyantun malih, lêrêsipun: sapunika Suta sampun botên dados priyantun.
Gêlang iki dudu êmas, nanging salaka, lêrêsipun: gêlang iki dudu êmas, salaka.
Dalah nama-namanipun nagari inggih tumut nyengkok Walandi, upaminipun:
Solo, lêrêsipun Sala.
Jukja, lêrêsipun: Ngayogya.
Prèhangêr, lêrêsipun: Priyangan.
Sèribon (Cheribon) lêrêsipun: Cirêbon (Crêbon). Langkung malih panyêratipun basa Jawi ngangge aksara Jawi, wah, mêmêlas sangêt.
Margi saking dayanipun basa Walandi, kathah kemawon tiyang, manawi kêpanggih kawanuhanipun badhe nanduki basa Jawi punika ing pangraosipun têka botên sakeca, sajak kirang brêgas, mila inggih lajêng tabikan saha rêmbagan ngangge basa Wlandi.
Wontên ing H.I.S. kula angsal sêbutan mênir, sanadyan kula pinuju mulang basa Jawi, ewasamantên murid-murid basanipun dhatêng kula ingkang adhakan ngangge têmbung mênir. Mênggah sêbutan mênir wau botên sapintêna anggènipun anggujêngakên, awit ing pamulangan H.I.S. punika wontên gurunipun Walandi, dados botên nyalênèh manawi murid lajêng kêpatuh ngundang guru Jawi ngangge têmbung: mênir. Wangsul wontên ing sajawining pamulangan, tiyang ngangge têmbung: mênir punika pancènipun kirang mathuk. Asring kemawon kula mirêng tiyang wicantên: mênir mas bèi kok wis lawas ora mrene. Wontên malih tiyang ngundang ngangge têmbung mênir jalaran lumuh, badhe nêmbungi: dhi, kuwatos manawi pinggêt manahipun, badhe ngangmas makatên ugi, mila inggih lajêng ngangge têmbung: mênir, upaminipun: mênir Jaya mangke dalu punapa mriksani bioscoop.
Sapunika kula badhe ngaturakên tuladha basanipun murid:
Ha: Ayo sèh mêngko nyang bioskup.
Na: Ah, ngrasakne ambioskup.
Ha: Geneya ta, wong malêm Minggu wae, kok.
Na: Malêma Minggu kae, wong suk êmbèn proefwerk jare.
Ha: O, dadi kowe arêp blokên, ngono.
Na: La, marine, wong dhèk rêpêtisi sing dhisik natirkêndhêku vier jare. Nèk sêpisan iki vier manèh rak, beroerd aku. Iya jij wis ayêm, biyèn wis olèh zeven.
Ha: Ya wis ta, blokêna, aku daknonton dhewe. Wah yamêr, lo, sèh, nèk bêngi iki ora nonton filme bagus kok.
Wontên malih tuladhanipun basa Jawi nyengkok Walandi, inggih punika:
1 Ing sêrat kintunan, titimangsanipun kasêrat ing nginggil, manawi cara Jawi lugu wontên ing ngandhap.
2. Yèn nyêrat dèrèng rampung, môngka sarai sampun kêbak, ing ngandhap lajêng dipun sêrati z.o.z.
Têmbung-têmbung Wlandi ingkang mangsuk ing basa Jawi upaminipun:
Handdoek – andhuk
spoor – spor
klerk – klèrêk
cursus – kursus
contant – kontan
kliniek – klinik
conducteur – kondhèktur
chef – sèp
Tuwin sapanunggilanipun.
Nalika pamulangan H.I.S taksih dados pamulangan Jawi ôngka 1 ing saèngêt kula dipun wulang têmbang. Milanipun kala rumiyin manawi wontên ing pajagongan inggih lêmês, upaminipun pinuju gadhah damêl utawi jagongan bayi lajêng wontên ingkang maos, prêlunipun kangge cagak êlèk, tur inggih sakeca dipun mirêngakên. Sarêng pamulangan ôngka I dados H.I.S wulangan têmbang lajêng mundur, ngantos wontênipun sapunika botên dipun wulang babarpisan, dipun santuni mênyanyi lagu Walandi, awit wontên prêlunipun kangge anggampilakên anggènipun sinau basa Walandi. Saking agênging dayanipun basa Walandi wau, para mudha sami kêrêmênên dhatêng lagu Walandi, ngantos botên ngopèni têmbangipun piyambak. Lah punapa katêmahanipun ingkang makatên wau. Manawi wontên pajagongan lajêng kêndèl, badhe nêmbang botên sagêd, badhe mênyanyi botên limrah, lajêng kêpêksa nyêpêng krêtu, sanadyan punika dados awisanipun nagari utawi agami, ewasamantên inggih dipun têrak. Margi saking agênging dayanipun basa Walandi, rumasukipun ngantos sumrambah ing dhusun-dhusun. Manawi kula mirêngakên lare dhusun mênyanyi utawi singsot, punika lagunipun têka inggih lagu ngamônca.
Basa Mlayu punika dayanipun ugi agêng tumrap basa Jawi. Ukara Jawi kathah ingkang cengkok Mlayu. Têmbung-têmbung Mlayu ingkang kangge ing basa Jawi inggih botên sakêdhik, kados ta: kamar obat, rumah sakit, kamar bolah, rumah makan, main mata, main, habis bulan, mangsak-mangsak, sampe, pukul, kêmbang api, tuwin sanès-sanèsipun.
Dados sampun têtela bilih basa Jawi punika sampun botên lugu, kathah momoranipun. Sapunika kula badhe ngaturakên kidungan ingkang amot dayanipun basa ngamônca, lagunipun Wien Neerlands Bloed.
– Sarjuning tyas saha atur/ wilujêng paduka/ rawuh wontên bawah ulun/ Karangpandhan nami/ langkung ing sukur kawula/ paduka tumêdhak bêgja kamayangan/ saksat katamuan dewa/ dewa kang linangkung//
Kidung punika lagunipun lagu Walandi, têtêmbunganipun Jawi, isinipun amot pêpindhan Hindhu, inggih punika kadospundi bingahipun tiyang manawi katamuan dewa.
Kala wau basa Jawi punika kula upamèkakên tiyang lumampah ing tanah parêdèn. Sêmunipun sapunika badhe wiwit minggah, katôndha saking kathahipun pakêmpalan ingkang ngudi ngajêngakên basa Jawi, kados ta: Java Instituut, Mardibasa Volkslectuur. Wontên malih parentah badhe yasa A.M.S. Oostersch kl. Afd. Wontên ing Surakarta. Ing sarèhning sampun têtela bilih basa Jawi wiwit gumregah, kados botên wontên awonipun manawi para mudha Jawi sami karsa urun tuwak supados mumbulipun basa Jawi sagêda inggil, botênipun nyamèni jaman Rônggawarsitan, inggih namung sagêda mèmpêr kemawon.
Kursus guru basa ing Wèltêphrèdhên
Sastraiswaya

Ôngka: 1, Januari 1926. Taun V.
5. Têmbung-têmbung Mônca ingkang Lumêbêt dhatêng Basa Jawi
Basa ingkang tulèn utawi murni, punika bokmanawi ing jaman sapunika botên wontên, dene sabab-sababipun kabêkta saking sarawunganipun bôngsa sami bôngsa, saya alus kasusilanipun, sangsaya kathah basanipun mônca ingkang dipun angge. Anggènipun purun ngangge basa mônca, punika botên gadhah niyat badhe ngrisak basanipun piyambak, saking anggènipun ngajêngi dhatêng têgêsipun têmbung mônca wau. Môngka basanipun piyambak ingkang ngêplêki têgêsipun satêmbung sami satêmbung botên wontên, punapa malih manawi ingkang wujud têmbung aran, môngka ing tanahipun piyambak barang wau botên wontên, sampun tamtu inggih lajêng dipun angge makatên kemawon, ewaha dêstun inggih namung pakêcapanipun, kakêcapakên cara basanipun piyambak, makatên wau sampun nama limrah, amila manawi basa Jawi badhe dipun rêsikakên yêktos, botên purun ngangge basa mônca ingkang angajawi (mangsuk Jawi) rumaos kula tanpa damêl, tiwas rêkaos, patuwasipun botên wontên, punapa badhe botên sarawungan kalihan bôngsa sanès, botên sagêd. Pamanah kula: prayogi têmbung-têmbung mônca ingkang lumêbêt dhatêng basa Jawi punika inggih dipun angge, botên susah dipun pados-padosakên cara Jawinipun manawi pancèn botên wontên, ananging kêdaling pakêcapanipun kemawon kêdah dipun turutakên pakêcapanipun bôngsa Jawi, rimbagipun inggih rimbag Jawi.
Rumiyin bôngsa Walandi inggih sampun nate damêl ada-ada badhe ngrêsikakên basanipun, mawi nyarawalandèkakên têmbung: Prancis, Jêrman, Inggris, Sêpanyol, ingkang sami kangge ing basa Walandi, upaminipun Ingenieur punika têmbung Prancis, têgêsipun tiyang pintêr, badhe kacarawalandèkakên, Vernufteling, sèkrêtaris (secretaris) juru sêrat wados, badhe kacarawalandèkakên Geheimeschrijver, botên sagêd, malah dados gêgujêngan, dados ada-ada makatên wau cabar, ihtiyaripun tanpa dados, sapriki lêstantun ngangge têmbung-têmbung mônca, namung pakêcapan sarta pangrimbagipun inggih kacara Walandi, dene yèn têmbung ingkang kangge ing babagan kawruh panyêratipun sami kalêstantunakên, kados ta: Monopolie, Theologie, makatên ugi ing basa Jawi, manawi têmbung mônca wau kamanah parlu, panyêratipun kalêstantunakên, inggih kasêrat kados salugunipun, namung pakêcapanipun kemawon ingkang kacara Jawi, kados ta: amtênar (ambtenaar) bêstir (bestuur) obrus (overste) sapanunggilanipun.
Têgêsipun têmbung mônca ingkang sami kangge ing basa Jawi punika prêlu sangêt dipun sumêrêpi, jalaran kathah kemawon tiyang ingkang angêcapakên têmbung mônca botên ngrumaosi ngangge têmbung mônca, kaanggêp inggih têmbungipun piyambak kemawon.
Anggènipun têtiyang kathah sami nglênyêm kemawon bilih ngêcapakên têmbung mônca punika dede lêpatipun ingkang ngangge, namung saking botên wontên ingkang nêrang-nêrangakên, utawi anggènipun ulêt-ulêtan kalihan basa Jawi sampun rumasuk, kados ta: anglo, punika jêbul têmbung Cina, bôngsa Cina mastani ang lo. Tahu, punika inggih têmbung Cina malih, bôngsa Cina mastani takwe. Wontên malih ingkang cariyos, bilih têmbung bothekan, punika asalipun saking têmbung apotheek. Wallahualam, ail, punika têmbung Arab. Têrkadhang malah wontên têmbung mônca, sarêng kaangge ing basa Jawi têgêsipun lajêng gèsèh kalihan waunipun, gèsèhipun wau botên saya wiyar lèrègipun, malah kosokwangsul, inggih punika saya wadhag, kados ta: napsu, têmbung Arab, têgêsipun kaniyatan ingkang anggayuh dhatêng barang-barang, wusana sarêng dados têmbung Jawi namung têgês: muring. Wontên malih têmbung: sabar, têgêsipun wiyar sangêt: bêtah, santosa, mêngku, momot, sarèh, mantêp, têtêp, bokmanawi taksih malih. Ananging sarêng kaangge wontên ing basa Jawi, adhakanipun inggih namung atêgês: narimah. Wontên malih têmbung: arta, punika têmbung Sansêkrit, têgêsipun: wajib ngupados pangupajiwa, gampilipun inggih barang kadonyan, ingkang kenging kadamêl nyampêti gêsang cara donya, dene wujudipun kados ta: têtanèn, nênukang utawi yêyasan, kagunan, kalangkungan, kaurmatan, tuwin sanès-sanèsipun, wusana sarêng dados basa Jawi, namung atêgês saêbab inggih punika: yatra (rêdana, dhusun), wontên malih têmbung: adi, têmbung Sangsêkrit, têgêsipun: ingkang kawitan, ingkang rumiyin piyambak, ingkang minulya, wusana sarêng dados têmbung Jawi limrahipun namung atêgês: sae. Taksih kathah malih panunggilanipun.
Amila prêlu sangêt wiwit sapunika têmbung-têmbung mônca wau sami dipun pilihi, dipun dadosakên sabuku piyambak. Wiwit rumiyin mila pancèn dèrèng wontên pèngêtan têmbung mônca ingkang kangge ing basa Jawi. Têmbung-têmbung ingkang sampun kadangon mangsuk Jawi, inggih dhasar angèl panglacakipun, tidha-tidha anggènipun badhe mastani, punapa punika têmbung Jawi punapa dede.
Nalika jaman tiyang Indhu angajawi ambêkta têmbung Sangsêkrit, bêbêktanipun Sêrat Mahabarata, Ramayana, Wedha-wedha, sami kasêrat ing sastra saha basa Sangsêkrit. Para sarjana sujana Jawi jaman samantên kasupèn botên karsa damêl buku cathêtan bab têmbung Sangsêkrit, malah têmbung Sangsêkrit mangsukipun Jawi kados dipun sokakên, carub dados satunggal, sapunika kecalan lari. Punapa basa Jawi punika waunipun wontên piyambak, punapa pancèn malihanipun basa Sangsêkrit dados Kawi (Jawi Kina), Kawi lajêng malih dados Jawi sapunika punika, punika kula sumanggakakên dhatêng para linangkung. Namung wujudipun sapunika basa Jawi Kawi ingkang lêrêsipun kawastanan Jawi Kina punika dêlêgipun kathah sangêt ingkang sami kapanggih wontên ing basa Sansêkrit, ngantos nama-namanipun sadaya tiyang Jawi mèh sadaya sagêd kapanggih wontên ing basa Kawi utawi Sangsêkrit. Sapunika kadospundi anggènipun badhe mèngêti pundi Jawinipun, pundi Sangsêkritipun. Mila prayoginipun basa Kawi saha Sangsêkrit punika botên kalêbêtakên ing pèngêtan têmbung mônca, dados kadhaku. Ewadene kula inggih nyumanggakakên dhatêng para linangkung malih.
Ing nalika bôngsa Jawi kadhatêngan bôngsa Cina, sakawit mêsthinipun lêlayanan bab dagangan, basa Jawi inggih kalêbêtan têmbung Cina, ewadene para sarjana sujana jaman samantên inggih botên karsa damêl pèngêtan têmbung Cina. Môngka kaangge sarawungan padintênan. Kathah kemawon tiyang Jawi ingkang anggumujêngakên bilih mastani barang ingkang saking Cina, upaminipun: bakmi, bak, têgêsipun ulam babi, mi, inggih: mi. Dados kajêngipun, olah-olahan mi ingkang mawi ulam babi. Ananging tiyang Jawi kathah ingkang mungêl: aku gawèkna: bakmi, ora nganggo iwak babi. Utawi dipun wastani: bakmi Jawa. Wontên malih bôngsa ngabotohan: cap ji ki, utawi cap ji kya. Cap= sadasa, ji= kalih, ki= kêrtos. Kajêngipun, dolanan mawi kêrtos kalih wêlas. Tiyang Jawi asring wontên ingkang mungêl: ayo, cap ji kya nganggo krêtu nêm bae.
Ing nalika bôngsa Jawi kadhatêngan bôngsa Arab, ambêkta basa Arab, sêrat-sêrat kasêrat cara Arab, lumêbêtipun têmbung Arab dhatêng basa Jawi kados dipun byukakên, kabêkta saking nyarêngi tumangkaripun agami Islam, ingkang dipun angge nêrang-nêrangakên têmbungipun Arab. Nanging para sarjana sujana jaman samantên inggih kasupèn malih, botên damêl cathêtan têmbung wau. Bêgja dene sapunika sampun ragi kathah para sarjana sujana ingkang ngêrtos ing têmbung Arab, dados ragi mayar anggènipun damêl pèngêtan.
Makatên ugi ing nalika bôngsa Jawi sarawungan kalihan bôngsa Portêgis, Sêpanyol, Inggris, inggih botên damêl cathêtan bab têmbung-têmbung mônca wau, môngka basa-basa wau sapunikanipun sampun sami botên mêkar wontên ing tanah Jawi, tamtu rêkaos anggènipun naliti têmbungipun ingkang lumêbêt ing basa Jawi, bokmanawi sarjana Jawi ingkang ngrêtos ing basa wau inggih botên kathah.
Hla, sapunika jamanipun bôngsa Jawi sarawungan kalihan bôngsa Walandi, inggih jaman sawêg mêkêr-mêkaripun basa Walandi wontên ing tanah Indhia, inggih jamanipun bôngsa Indhia sawêg sami ngangsu kawruh Eropah, ngangge cidhuk basa Walandi (ing tanah Indhu cidhukipun basa Inggris), punapa inggih para sarjana sujana Jawi ingkang mênangi rame-ramenipun basa Walandi wontên ing tanah Jawi, badhe kasupèn malih damêl pèngêtan, mêsakakên bôngsa Jawi ing têmbe wingking, mindhak cênunukan kados bôngsa Jawi sapunika dhatêng têmbung mônca ingkang sampun-sampun, mumpung sami ngalami luhuripun basa Walandi. Mèh sabên wontên tiyang ginêman katrocoban têmbung Walandi, punika anggènipun mèngêti langkung gampil tinimbang ingkang sampun kapêngkêr.
Ringkêsing atur pamrayogi kula, namung kêdah ngajêngi dhatêng têmbung-têmbung mônca, nanging kêdah dipun ngrêtosi têgêsipun ingkang salugu. Dene pakêcapanipun, kêdah manut kêdaling pakêcapan Jawi, namung panyêratipun bilih parlu kêdah dipun lugokakên, dene ingkang utami malih punika inggih kêdah damêl bausastranipun têmbung mônca, ananging kêdah alon-alonan, awit pandamêlan ingkang rêkaos, sabab ingkang kajibah anggarap kêdah para ahli basa sayêktos, apêsipun kêdah mumpuni kalih utawi tigang basa (basa kilenan saha wetanan) punapa malih botên namung priyantun satunggal kalih, taksih kawratên, sakêdhikipun ingkang anggarap punika manut cacahipun basa ingkang lumêbêt ing basa Jawi, sarta inggih ingkang putus dhatêng basa ingkang badhe kagarap, botên cêkap namung katêrangakên candhela, punika têmbung: Portêgis. Pakêcapanipun kadospundi, panyêratipun ingkang lugu kadospundi, sarta têgêsipun ingkang sayêktos kadospundi. Salajêngipun anggènipun ngabsahakên kasarêngakên konggrès basa Jawi.
Puwungan sawontênipun, dipun cicil, sapintên angsalipun prayogi kapacaka wontên ing Pusaka Jawi, sabên mêdal dipun wêwahi, ing benjing konggrès ingkang nêtêpakên, pundi ingkang kaêsahakên, pundi ingkang botên.
Kangge ancêr-ancêr, têmbung-têmbung mônca ingkang lumêbêt ing basa Jawi punika, kajawi têmbung Kawi kalihan Sangsêkrit, inggih punika:
Têmbung Cina
Têmbung Arab
Têmbung Portêgis
Têmbung Sêpanyol
Têmbung Inggris.
Têmbung Walandi.
Bokmanawi taksih wontên malih. Dene ngrêmbakanipun têmbung-têmbung mônca wau ênggèn-ênggenan utawi golong-golongan, miturut prêlunipun, upaminipun: sabên-sabên angrêmbag bab kawruh batos, têmtu kathah sangêt têmbungipun Arab. Sabên-sabên ngrêmbag babagan praja, têmtu kathah têmbungipun Walandi, makatên sasaminipun.
Kajawi makatên, wontên malih golong-golonganing têmbung mônca ingkang panganggenipun ênggèn-ênggenan, kados ta: ing tangsi, ing sêkolahan, ing pêkên (padagangan), ing kawruh patukangan, ing pabrik, ing kontrakan, ing kaprajan, ing bôngsa olah-olahan, ing bôngsa pangangge saha ing kantor-kantoran. Sadaya wau sami ngangge têmbung-têmbung mônca ingkang gathukipun mathuk kalihan pandamêlan ngriku. Dados sintên para sarjana ingkang karsa damêl urun-urun utawi panjurung paring têmbung-têmbung mônca, lajêng gampil dening mawi ancêr-ancêr golong-golongan wau.
Pun, Sastrawirya
6. Busananing Basa
Ingkang kula wastani busananing basa punika têtêmbungan utawi ukara, limrahipun namung dados rêrêngganing basa kemawon, inggih punika ingkang ing basa Walandi dipun wastani beeldspraak.
Sayêktosipun beeldspraak kula jarwani busananing basa punika botên lêrês têmbungipun (beeld têgêsipun: gambar, spraak: ucap-ucapan), nanging manawi angèngêti kanggenipun ing basa Jawi, kados sampun mathuk kawastanan: busananing basa, utawi: rêrêngganing basa.
Têmbung Walandi beeldspraak punika saking têmbung beeld tuwin spraak.
Spraak jarwanipun: ucap-ucapan
beeld jarwanipun gambar. Gambar ing ngriku kajêngipun gambar ucap-ucapan sarana têtêmbungan, upami:
Tiyang ingkang rêmên suka pangapuntên, dipun wastani: jêmbar manahipun, jêmbaring manah kagambar kados sagantên, lajêng wontên têtêmbungan: mugi karsaa anjêmbarakên sagantên pangapuntên (anglubèrakên sagantên pangapuntên, utawi samodra pangaksama).
Tiyang nyênyôngga barang awrat, botên sagêd sasakecanipun kemawon, kêdah ngatos-atos, botên kenging mirang-miring. Mila pandamêlan, têtanggêlan, sêsanggèn, ingkang botên kenging ginagampil, sanès baèn-baèn, punika katêmbungakên: botên kenging sinôngga miring.
Bingah tuwin susah kagambar kados sandhangan, inggih punika slendhang ing ukara: bubuhaning manungsa kaslendhangan bungah lawan susah.
Ukara-ukara ingkang makatên wau, ing basa Jawi kawastanan ukara sagêd anjogèd. Ing ngandhap punika panunggilanipun ukara ingkang sagêd anjogèd, pêthikan saking sêrat Pustaka Rajapurwa:
Miyarsa pawartos pêpêkênan (bêbaratan) saking asranging samirana, asraking ampuhan, lêpasing gundhala, bêbasan: tutur kêlantur, pawartos katular, ujar pinajarakên janma,… têgêsipun: mirêng pawartos ingkang dèrèng kenging pinitados,…
Dêlap kawula mugi kalilana anuwila gônda, têmbung ngawu-ngawu, lêpata ing saru sêsiku, dene kamipurun rumêngkuh angrakêt krama raka dhatêng paduka. Sayêktosipun kawula punika, têbih-têbih inggih taksih kantênan pêrnahipun, lamat-lamat inggih taksih katingal kukusipun, kentar-kentaring maruta, inggih taksih mambêt gandanipun (taksih kantênan têtalêripun).
Têgêsipun: nyuwun pangapuntên dene kamipurun nyêbut raka, saèstunipun taksih sadhèrèk, sanajan sampun têbih.
Mênggah tiyang nglairakên krêntêging manahipun, pikajênganipun utawi raosing manah, wontêna ing pawicantênan, wontêna ing sêrat, sasagêd-sagêd masthi murih cêtha, tètèh, luwês, manis, urut, botên wor suh. Awit saking punika pamilihing têmbung-têmbung kêdah patitis, kêdah runtut, mapan utawi lênggah, utaminipun rêsik.
Kajawi makatên, ingkang bêsus ing sastra ugi mawi têtêmbungan utawi ukara minôngka rêrênggan, supados sakeca tuwin nêngsêmakên dhatêng ingkang sami midhangêt, têtêmbungan punika ingkang kula wastani: busananing basa.
Busananing basa punika wontên pintên-pintên warni, wontên ingkang kangge ing pawicantênan padintênan, wontên ingkang namung kangge ing sêrat-sêrat, tuwin wontên ingkang kangge ing padhalangan.
Ing kawruh kasusastran basa Walandi beeldspraak kabedakakên dados kawan warni, inggih punika:
I. Vergelijking
II. Metaphoor
III. Persoonsverbeelding
IV. Allegorie
Beda-bedanipun makatên:
I. Busananing basa ingkang kawastanan Vergelijking (pêpindhan)
Punika têtêmbungan utawi ukara, ingkang nyêbutakên punapa-punapa, mawi dipun samèkakên utawi katandhing kalihan sanèsipun, limrahipun mawi têmbung: kaya, kadya, kados, lir, lan sapanunggilanipun. Kajêngipun ingkang ngangge têtêmbungan wau tarkadhang namung mêwahi katrangan, tarkadhang kangge nyangêtakên, tarkadhang namung kangge rêrêngganing basa kemawon.
Pêpindhan ingkang ngangge pawicantênan padintênan kados ta:
Dlêjag-dlêjag kaya ajudan.
Irênge kaya minangsi.
Anggêpe kaya priyayi.
Kêcute kaya asêm.
Paite kaya bratawali.
Lêgine kaya gula.
Ambune kaya bathang.
Jêrone kaya sagara.
Padhange kaya awan.
Abange kaya dubang.
Akèhe kaya sêmut.
Anggone turu kaya bathang.
Pêpindhan wontên ingkang dados paribasan, upami:
Car-cor kaya wong kurang janganan – cêblang-cêblung.
Kaya klinthing disampar kucing – juwèh.
Kaya kêthèk ditulup – lingak-linguk.
Kaya mimi lan mintuna – botên pisah.
Kênthang-kênthang kaya randhaning bupati – botên pajêng semah malih.
Dikêmpit kaya wade – dipun pilala.
Bungahe kaya wong nunggang jaran èbèg-ebegan – tanpa taha-taha.
Pêpindhan-pêpindhan ingkang kasêbut ing nginggil wau sami ngangge têmbung: kaya, botên sadaya pêpindhan makatên, wontên ugi ingkang tanpa têmbung: kaya, nanging mawi swara irung, kados ta:
Andami aking, têgêsipun: kados dami aking, panunggilanipun kados ta:
Ambanyu mili.
Ambata rubuh.
Nyela cêndhani.
Andamar kanginan.
Nawon kêmit.
Ngombak banyu.
Pêpindhan ingkang kangge ing sêrat-sêrat
Ing sêrat-sêrat kathah pêpindhan, ing pawicantênan botên nate kangge. Kajêngipun pêpindhan wau wontên ingkang mêwahi cêthanipun ingkang dipun cariyosakên, dados katingal gawang-gawangan, wontên ingkang kangge nyangêtakên. Dene limrahipun dados rêrêngganing basa. Awit saking punika sêrat-sêrat ingkang kathah pêpindhanipun, inggih punika sêrat waosanipun tiyang sêpuh, langkung malih sêrat-sêrat ingkang mawi sêkar.
Ing ngandhap punika pêpindhan-pêpindhan, ingkang asring kangge ing sêrat-sêrat gancaran, tuwin ing sêrat ingkang mawi sêkar:
Wutahing wadyabala kadya trunaning udaya, (kadya samodra kinêbur).
Kang putih kumpul padha putih kaya kuntul nêba, kang abang kumpul padha abang kaya gunung kobar, (kaya kêmbang palas), kang irêng kumpul padha irêng kaya dhandhang rêraton, kang kuning kumpul padha kuning kaya kapodhang rêraton.
Ingkang seta kadi kuntul sakêthi lumrang.
Ingkang abrit, kadi wana katunu.
Busana manekawarna kadya sêkar ing udyana.
Tanagane kaya wong mêndêm gênje.
Suraking bala kaya ampuhan.
Awake andêdêl kaya diububi.
Raosing manah kados kasiram ing toya sawindu.
Bêkose lir sima lodra môngsa bêbayangan.
Polahe kaya manuk sikatan.
Kaya wangan mungsuh sagara.
Pangamuke kaya sima arêbut daging (kaya banthèng kêtaton).
Angkuhe kaya kumêndur angajawa.
Kaya Kamajaya lan Ratih.
Pêsating mimis kaya lintang ngalih, (kaya udan gêni).
Pêtêng kukusing obat kaya thathit sarawungan.
Bungahe kaya nêmu intên sagunung.
Gumuruh wadya wurahan lir kocaking samodra rob (lir hèrnawa bêntar)
Kèhing janma malêdug lir gunung kapuk.
Ngalumpruk lir kapuk.
Budine lir mênyan kobar.
Paguting tingal gapyuk lir kupu atarung.
Tandange kaya gajah mêta (kaya jangkrik mambu kili).
Polahe kaya prênjak tinaji.
Pangungrume kaya brêmara ngisêp sari.
Kèhing wadyabala ambalabar lir samodra tanpa têpi.
Gumuruh swaraning gubar lan bèri kadya ambêlahna langit.
Kèhing pêpati kaya babadan pacing.
Para putri sirêp kabèh kaya iwak tinuba.
Prigêle kaya kêdhali nyampar banyu.
Muyêging ron-ronan kados rêrêngganing gêlung.
Sumbare kaya bisa mutungna wêsi gligèn.
Gilape kaya nyurêmna soroting srêngenge.
Sênggake ngêdhasih.
Ombake ngêmbang glagah.
Gêthinge tandhês ing balung.
7. Pêpindhan ingkang Kangge ing Padhalangan
Ing padhalangan kathah sangêt pêpindhan-pêpindhan, ingkang namung dados rêrêngganing basa. Têmbung-têmbungipun sanès têmbung limrah, kapilih ingkang pèni utawi Kawi, kados ta:
Duka katêmbungakên makatên: lir sinêbit talingane, jaja bang mawinga-winga (asumung-sumung, lir sinêcang, lir wora-wari), kadya bêl mêtu dahana, sarira mangutug kadya agni, netra andik mangondar-andir, kumêdut padoning lathi, kang idêp mangada-ada.
Kula nuwun sinuhun, wontên ing jawi guguping manah kula kados tinubruk ing mong tuna, sinambêr ing gêlap lêpat, upami kambêngan salômba pinanjêr ing alun-alun, saklangkung kumêjot kumitir caruk awor rumaras. Sarêng sampun wontên ngabyantara dalêm, botên anggadhahi manah ingkang kumarasan.
Kinôndha, ya ta sri narendra ingkang kondur ngadhaton, kèndêl wontên palataran ing Srimanganti, amêngkêrakên warana, angajêngakên regol dana pratala, sri narendra sarwi ningali rêrêngganing gapura, pucak sinungan kumala sawohing jênggi agênge, inêbing gapura gêdhah tinulis Sang Hyang Kama Ratih, yèn mênga kadi bedhang sêmayan, yèn minêb kadi pangantèn kapanggih.
Kinôndha sirêping gara-gara, ana mas tiba saka ing wiyati, yèn masa mas kepon, yèn slakaa slaka cèlèng. Sintên ta ingkang mêlik-mêlik kadya dhingklik, mêncorong kadya gênthong, ora maido tejane bandarane, iya Kyai Lurah Sêmar.
Lampah dhadhap anoraga ngrêpèpèh kadya sata mriyêmbada.
Dhasar satriya bagus, rinêngga ing busana, sasat Sang Hyang Asmara angejawantah.
Wanodya nêdhêng diwasa ayu warnane, rinêngga ing busana, amimbuhi raras aruming netya kadi murca kinêdhèpna.
Pranyata sri narendra sirna kamanungsane, sasat Sang Hyang Brama angejawantah, rêp sidhêm ing pasewakan, tan ana bawane walang alisik, sanadyan gêgodhongan tan wontên ebah, kenging pangaribawaning narendra, namung swaraning pandhe, gêndhing kêmasan, ingkang sami taksih nambut karya, imbal ngaras yayah pradôngga.
Côndra
Ing basa Jawi wontên pêpindhan ingkang dipun wastani: côndra, punika ugi têtêmbungan utawi ukara, ingkang nyêbutakên punapa-punapa, kasamèkakên barang sanèsipun, limrahipun namung wontên ing gagasan kemawon.
Ingkang dipun côndra limrahipun:
1. Tiyang ingkang sae ing warni.
2. Kawontênan (natuur).
1. Candraning tiyang, punika pêpiritaning warni.
Ha. Côndra ingkang ngangge têmbung: kaya, lir, lan sanès-sanèsipun, kados ta:
Cahyane nglayung kaya rêmbulan.
Rurus kang sarira kadi ingongotan.
Wadana kadya binubud.
Kadya gambar wêwangunan.
Wênês ijo kang sarira kadya kancana sinangling.
Wajanya lir mirah sinundukan.
Sinome lir lunging pakis kabaratan.
Untune rata putih lir ombaking warih.
Kang cahya lir basanta.
Na. Côndra ingkang tanpa têmbung: kaya, kadya, lan sanès-sanèsipun, kados ta:
Kuninge nêmu giring.
Pundhake nraju mas.
Bathuke nyela cêndhani.
Athi-athi ngudhup turi.
Rambute ngêmbang bakung.
Rambute ngandhan-andhan.
Untune miji timun.
Pipine andurèn sajuring.
Lambene anggula satêmplik.
Lêngêne anggandhewa gadhing.
Lêngêne anggandhewa pinênthang.
Lembehane amblarak sêmpal.
Pêpindhan-pêpindhan côndra-côndra ing nginggil wau sadaya botên kenging dipun ewahi (dipun anggit), kajawi makatên, manawi kamanah-manah mulabukanipun, utawi sababipun, asring botên sagêd andungkap, upami:
Bathuk sae kacôndra: nyela cêndhani. Punika kadospundi sababipun, dene kasamèkakên kalihan sela cêndhani, botên kasumêrêpan, punapa waradinipun, punapa lumêripun. Makatên ugi côndra tuwin pêpindhan sanèsipun, upami:
Kaya wangan mungsuh sagara.
Budine lir mênyan kobar.
Paguting tingal gapyak lir kupu atarung.
Pangungrume lir bêrmara ngisêp sari.
Pipine andurèn sajuring.
2. Candraning kawontênan (natuur)
Punika limrahipun nyariyosakên punapa-punapa, sarana katêmbungakên utawi kaèmpêr-èmpêr kados tiyang, kados ta:
Dhandhanggula
Sêsêndhonan sênggak-sênggak atri / obahira camara ing arga / kadi kayungyun esthane / mring para surawadu / kayu manis singub kaèksi / sinomira ngrêmbaka / lêngêng esthanipun / lir ngêngudang payudara / anambrama arum ingkang anyar prapti / gumlar ing wanawasa //
Wiwaha Jarwa.
Côndra ing nginggil punika wontên pêpindhanipun: ebahing wit camara kados kasmaran, ron kados ngêngudang payudara, kados ambagèkakên para widadari.
Pêthikan saking Sêrat Bratayuda cêkakan:
Sakathahing kalangênan urut margi, ingkang dipun ambah Prabu Krêsna, sêmunipun sami prihatos: ebahipun godhonging wit waringin sêmunipun kados tiyang jalêr kêsusahan, amargi kêcuwan anggènipun badhe karon jiwa. Pucaking gapura èmpêripun kados ngajêng-ajêng enggale rawuhipun Prabu Krêsna. Baunipun ing gapura kados badhe nyêmbah dhumatêng ingkang rawuh. Êpanging wit capaka sapinggiring margi katêmpuh ing angin, sêmunipun kados astanipun Dèwi Banowati, angawe-awe pitakèn dhatêng Prabu Krêsna, punapa Radèn Janaka andhèrèk. Swaraning ratanipun sang nata, sarta gêbyaring sêsotya rêrêngganipun, kados anyauri sarta ngujiwati ingkang pitakèn, wondening sauripun: Si Janaka ora milu ngiring, isih kèri ana ing Wiratha, kadang-kadange siji ora ana sing milu. Êpang kanginan èmpêripun kados tiyang mengo, botên kadugi ing wangsulan wau, awit Radèn Janaka botên andhèrèk dhatêng nagari Ngastina anjabêl nagarinipun. Sêkar-sêkar ing margi èmpêripun kados badhe rêntah ing jurang, wit-witan ingkang wontên pinggir margi katêmpuh ing angin, godhongipun abosah-basih, sêmunipun kados tiyang prihatos, dene Pandhawa botên wontên tumut…
Candraning kawontênan wau kenging kaanggit.
Sanepa
Ing basa Jawi wontên têtêmbungan ingkang kawastanan: sanepa, punika ugi pêpindhan, nanging wontên bedanipun sawatawis, inggih punika nyêbutakên punapa-punapa, katandhing kalihan sanèsipun, nanging langkung saking ingkang dipun upamèni, upami:
Èsême pait kilang, èsême katandhing kalihan kilang, kilang kaanggêp pait, taksih lêgi èsêmipun, têgêsipun: èsêmipun manis sangêt. Sanepa sanèsipun kados ta:
Èsême pait madu.
Tingale pait madu.
Tingale pait kilang.
Ambune arum jamban.
Tatune arang kranjang.
Rindhik asu digitik.
Rênggang gula.
Landhêp dhêngkul.
Bêning lêri.
Lonjong botor (mimis)
Kumêpyur pulut.
Cumbu lalêr.
Sanepa punika botên kenging dipun anggit.
II. Metaphoor.
Punika têmbung-têmbung ingkang atêgês entar (sambutan) ingkang dipun upamèkakên tarkadhang kasêbut, tarkadhang botên, upami:
Têtêmbungan dhatêng anak:
Dhuh nyawaku, utawi: dhuh anakku nyawa.
Dhuh woding atiku.
Dhuh tuntunging atiku.
Dhuh maniking mata.
Pangungrum:
Dhuh pêpujanku wong ayu.
Ratu-ratuning rum-arum.
Ratu-ratuning mêmanis.
Ratu-ratuning jumêrut.
Ratu-ratuning hèr gêni.
Jimat jumantên mami.
Jimatku wong ayu.
Mirah intênku wong ayu.
Gustiku wong ayu.
Tiyang agung Menak kasêbut: pêpakuning jagad, lêlancuripun pusêr bumi, dipaning nagari Mêkah.
Kyai Patih Baktak kasêbut: sêsukêring jagad (bumi) lêlêthêking jagad, wisaning rat.
Radèn Sêtyaki kasêbut: bêbanthèngipun nagari Dwarawati.
Kajawi ingkang kasêbut ing nginggil wau, sadaya têtêmbungan ingkang atêgês sambutan ugi kawastanan busananing basa (metaphoor), punika kathah sangêt panunggilanipun, ing sêrat-sêrat tuwin ing basa padintênan, kados ta:
Asarah tumbak abulus tamèng.
Samodra marus, asarah kunarpa.
Banjir ludira asarah layon.
Dana nyawa.
Gêgêmpalaning cariyos.
Cumanthèl kêkulunging ati.
Gurune wong bagus.
Mêngku adil paramarta.
Among lulut.
Atinggal kamuktèn.
Milik anggendhong lali.
Kambah ing prihatos.
Kulak warta adol prungon.
Urun tangis Udan tangis
Utang pati Amèk pati
Tadhah duka Nêmu urip
Kalis ing lêlara Karoban ing sih
Nyadhong dhawuh Thukul turune
Cagak lèk Rêmbuge matêng
Dawa tangane Panèn mata
Mêndêm drajat Pait wèwèh
Punika botên kenging dipun anggit.
III. Persoonsverbeelding
Punika ugi têmbung-têmbung ingkang atêgês entar utawi sambutan kados Metaphoor, wontên bedanipun sawatawis, makatên: ing Persoonsverbeelding têmbung ingkang atêgês sambutan, têgêsipun lugu namung tumrap ing tiyang kemawon, kados ta: kêrtune mati, dalane mati, dhadhu mati, lêmah mati. Pancènipun ingkang pêjah tiyang, nanging kêrtos, margi, dhadhu, siti, sami katêmbungakên pêjah. Tuladha sanèsipun upami:
Arloji lumampah.
Atine mandhêg mangu.
Kêrtune urip.
Pucakipun kinêmulan ing mega.
Patine sasi iki.
Kajawi punika nama sambutan ingkang pancènipun tumraping tiyang, ugi kaewokakên Persoonsverbeelding, kados ta:
Sêmar mêndêm – namaning têtêdhan.
Rôndha kèli – namaning têtêdhan.
Dhudha kasmaran – namaning sêkar.
Jaka bolot – namaning pantun.
Jaka bèlèk – namaning lintang.
Nyai Sêtomi – namaning mriyêm.
Kyai Sêkati – namaning gôngsa.
Ing sêrat-sêrat kathah panunggilanipun, limrahipun candraning kawontênan. Tuladha ing côndra sêkar Dhandhanggula, ingkang kasêbut ing ngajêng: wit katêmbungakên kayungyun, ron ngêngudang, ambagèkakên kadosdene tiyang, tuladha sanèsipun upami:
Cahyane nitis ing rêmbulan.
Obahing janur kuning kaya ngawe-awe para tamu.
Sang hyang riris tumêdhak.
Sang hyang arka nitih wukir.
Rêp sidhêm pramanêm tan ana bênène walang salisik, godhonging kêkayon tan ana obah, samirana tan lumampah.
Kala samantên surya ngajêngakên sêrap, arindhik lampahipun, kados dèrèng tuwuk anggènipun ningali rêrêngganing kadhaton ing Ngastina, èmpêripun kados nolih kêpencut aningali Rêtna Banowati.
Dhandhanggula
Arsa uning kang ngêgèt-êgèti / duk wruh lamun prawitaning krêdyat / saking wau wlas sarêse / dyan manglung jangganipun / lir mangawe-awe manyèngi / wukir miwah patapan / apêtêng dinulu / kukusirèng wana basmyan / angêndhanu pêtung tumêlung ing warih / kadi manawuk toya //
Arsa têkês lan mangaswa aksi / kêkayon kang sami tumaruna / lir manaoskên palane / nèng pacangkramanipun / lamatirèng pradapa kadi / tansah nêmbah mangargya / mring kang anyar rawuh / ing wana kèh susuhira / tama yuda kang mangajap-ajap riris / ing tanggal môngsa kapat //
Kinanthi
Kontrèng netra yèn wulangun / kathah solahing surastri / mrih badhar tapèng sang parta / nulya kasaput ing ratri / surya ginantyan ing wulan / esthaning sasôngka kadi //
Suka mulat solahipun / ingkang para widadari / ngramyang katawèng ing ima / sumamar dènnya madhangi / anginte upamanira / saking kumudu ningali // – Wiwaha Jarwa.
Langkung malih pasang rakiting patamanan, satunggal lan satunggalipun kados tantang-tantangan, sagêda ngucap pindha sumbar-sumbaran, sintên ingkang unggul ing pabaratan, rêbut sari anggêlarakên kèni-kènining kaendahan. Radèn Mas Arya Suryasuparta dhatêng nagari Walandi.
Persoonsverbeelding kenging dipun anggit.
IV. Allegorie
Ingkang kawastanan allegorie inggih punika ngibarat utawi saloka. Ing ngandhap punika tuladha allegorie pêthikan saking sêrat piwulang (Sriyatna), anggitan dalêm suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV (bapa biyung kaupamèkakên wit turi, anak kaupamèkakên ulêr, makatên salajêngipun).
Dhandhanggula
… //
Kang mangkono kadi ulêr turi / awit nêtês praptaning diwasa / tan lunga saka ênggone / kang môngka bojanipun / mung galihe ponang wit turi / lami-lami katrêsan / bolong dêlêgipun / ulêr mêdal sing sasana / dadi kupu bambrang adi ingkang warni / wus prapta kang sinêdya //
Tuk nugraha katêkaning kapti / nadyan raga ana dadinira / lamun kojur lêlakone / wit turi saya alum / marga saking atine rujit / ulêre nora doyan / ilang rasanipun / yèn katêmpuh ing prahara / kayu pokah kang ulêr cinucuk pitik / têmah sirna kalihnya //
Kang saloka tumrape nèng janmi / kayu turi yeka yayah rena / ulêr kang môngka sutane / wus tamtu bapa biyung / ngupakara wèh sandhang bukti / myang mrihatinkên ing tyas / sung pemut rahayu / kongsi praptaning diwasa / lamun putra graita darbèni budi / wêlas mring ibu rama //
Angupaya wêkasaning dhiri / pirabara bisa amalêsa / marang sihe wong tuwane / lamun tan bangkitipun / amung aja adadi kardi / myang karya susahira / iku saminipun / ulêr kang mêtu sing wrêksa / dadi kupu anak bisa dadi pyayi / kêna tinon ing kathah //
… //
Ing allegorie tiyang gêsang kaupamèkakên: baita wontên ing sagantên, alun: daya saking ing jawi.
Surya: kabêgjan.
Prahara: bêbaya.
Kêmudhi: gêsangipun.
Pandom: pathokaning gêsangipun (agami).
Samôngsa kêmudhinipun risak, masthi kampul-kampul wontên têngahing sagantên, badhe sangsara ingkang pinanggih. Manawi tanpa pandom, botên sumêrêp margi ingkang lêrês, baita sanèsipun kaupamèkakên: sasamining agêsang, makatên salajêngipun.
Wulangrèh nyêbutakên:
Manah lir upaminipun siti. Pasitèn punika warni-warni: wontên ingkang êmpuk, atos, padhas, sasaminipun. Sêrat Wulangrèh punika lir upaminipun toya jawah. Upami pasitèn padhas (manah atos) kadhawahan jawah dêrês (asring mirêng pitutur sae) kadospunapa kemawon, tamtu namung mili kemawon, botên sagêd anglêbêti, malah sagêd ugi lajêng nglumut lunyu, ambêbayani sangêt dhatêng ingkang ngambah (dhatêng sêsrawunganipun) têgêsipun: têgêl mêntalan.
Manawi pasitèn punika êmpuk lan sae, kadhawahan toya jawah sagêd nampi têrus dumugi sapangandhap, saya lami manawi kaopenan, dados pasitèn ingkang loh…
Saloka utawi ngibarat ugi kenging dipun anggit.
Kursus guru basa Jawi ing Wèltêphrèdhên.
Dalil, Prawiradiharja

One Response to “Bahasa Kawi

  • djemparing soeling
    8 years ago

    kamus ipun pundi mas ? kulo padosi kok mboten wonten

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *


*

Skip to toolbar