Bahan dan Soal Morfologi u’Vet. Skh.

MATERI MORFOLOGI BAHASA JAWA

A. TEMBUNG LAN DHAPUKANING TEMBUNG

Wujuding tembung ing basa Jawi saged kaperang dados tiga, inggih menika: tembung wod, tembung lingga, lan tembung andhahan. Supados saged mangertosi benten-bentening tembung menika, sumangga kita gatosaken andharan ing ngandhap menika.

1. Tembung Wod

Tembung wod inggih menika tembung ingkang taksih wungkul, dereng ngalami ewah-ewahan, ingkang asipat sakecap utawi sawanda. Tembung wod menika dados uwiting tembung. Tuladha: cul, wor, sat, kon, lan kol.

Sanadyan namung sakecap utawi sawanda, kathah tembung wod ingkang kenging dipunsuraos tegesipun, kados ta:

lar, ngemu suraos wiyar (elar, gelar, gilar-gilar, ular-ular)

sup, ngemu suraos mlebet (susup, tlusup, angslup)

pet , ngemu suraos boten bolong (pepet, rapet, dhipet)

cul, ngemu suraos uwal (ucul, ecul, cucul)

Tembung wod saged dipunrimbag dados tembung lingga. Pangrimbagipun tembung wod dados tembung lingga wonten warni-warni, kados ta:

a) Sarana dipunwuwuhi a, i, e, o, u utawi bu ing sangajengipun:

a

+

dus

à

adus

e

+

sat

à

esat

i

+

ki

à

iki

o

+

kol

à

okol

u

+

wit

à

uwit

bu

+

teng

à

buteng

b) Sarana dipunwuwuhi i, e, utawi tra ing sawingkingipun:

ki

+

i

à

kii

à

kiyi

ki

+

e

à

kie

à

kiye

ςas(mulang)

+

tra

à

ςastra (sastra): ingkang dipun wucalaken (piwucal)

c) Sarana dipunsaroja (dipun rangkep), kados ta:

kon à konkon à kongkon

d) Sarana dipunrangkep purwaning wod, kados ta:

lur, ingkang dipunanggep purwanipun lu à lulur.

e) Sarana dipunseseli r, l, n, utawi m, kados ta:

sup + r à s(r)up à surup

ser + l à s(l)er à seler

weh + n à w(n)eh à weneh

duk + m à d(m)uk à dumuk

lsp.

2. Tembung Lingga

Tembung lingga inggih menika tembung ingkang dereng ewah saking asalipun.

Tuladha: ana, basa, cacah, dina, dhemen, esuk, entas, ember, gawe, ijol, jala, kala, lali, mitra, nom, ombak, pedhot, rosa, salin, tamba, udhar, wada, yekti, karana, sagara, lan maruta..

3. Tembung Andhahan

Tembung andhahan inggih menika tembung ingkang sampun ewah saking asalipun. Tembung andhahan kedadosan saking tembung lingga angsal ater-ater, seselan, panambang utawi dipun-rangkep.

3.1 Imbuhan

a) Ater-ater

Ater-ater inggih menika imbuhan ingkang mapan ing sangajenipun tembung lingga. Ingkang kalebet ater-ater inggih menika:

a-, ma-, dak-, kok-, di-, ka-, ke-, dipun-, pa-, pi-, pra-, pri-, tar-, sar-.

b) Seselan

Seselan inggih menika imbuhan ingkang mapan ing tengahing tembung lingga. Ingkang kalebet seselan inggih menika:

-el-, -er-, -in-, -um-(-em-)

c) Panambang

Panambang inggih menika imbuhan ingkang mapan ing sawingkingipun tembung lingga. Ingkang kalebet panambang inggih menika:

-a, -an, -ana, -na, -en, -ake, -i, -e, -ku, -mu.

3.1.1 Tembung Mawi Ater-ater

a) Tembung mawi ater-ater a- (tanpa hanuswara):

a + sungut à asungut; a + ubah à obah; a + iwuh à ewuh

b) Tembung mawi ater-ater a- (mawi hanuswara).

Ater-ater a- ingkang dipun-trapaken ing tembung ingkang sinartan hanuswara, ater-ater menika dados am- (ham-), an- (han-), ang- (hang-), any- (hany-). Ater-ater menika limrahipun namung dados m-, n-, ng-, ny-, pramila asring dipun-wastani ater-ater hanuswara.

Tuladha:

m + pancal à mancal; n + tatah à natah; ny + simpen à nyimpen; ng + kandhang à ngandhang

c) Tembung ingkang mawi ater-ater ma-

Tembung andhahan ingkang mawi ater-ater ma- wonten warni kalih, inggih menika tembung ingkang pandhapukipun tanpa hanuswara lan ingkang mawi hanuswara. Tembung ingkang mawi ater-ater ma- mawi hanuswara wonten ingkang sami kaliyan tembung ingkang angsal ater-ater a- mawi hanuswara.

1. Tembung mawi ater-ater ma- (tanpa hanuswara):

ma + guru à maguru; ma + abur à mabur; ma + laku à malaku (mlaku)

2. Tembung mawi ater-ater ma- (mawi hanuswara):

ma + tunggal à manunggal; ma + kidul à mangidul (ngidul); ma + dhuwur à mandhuwur

d) Tembung mawi ater-ater tripurusa

Ingkang dipun-kajengaken ater-ater tripurusa inggih menika ater-ater dak- (tak-), kok-, lan di-. Ater-ater menika dipun-wastani ater-ater tripurusa awit magepokan kaliyan tiyang kapisan (aku, kula, lsp.), tiyang ingkang kaping kalih (kowe, panjenengan, lsp.), lan tiyang ingkang kaping tiga (dheweke, piyambakipun, lsp.).

Tuladha:

dak + gawa à dakgawa (takgawa); kok + tuku à koktuku; di + waca à diwaca

e) Tembung mawi ater-ater ka-

Tuladha: ka + boyong à kaboyong; ka + ulu à kolu

f) Tembung mawi ater-ater ke-

ke + siram à kesiram; ke + untir à kuntir; ke + iris à kiris

g) Tembung mawi ater-ater pa-

Tembung andhahan ingkang mawi ater-ater pa-, pandhapukipun wonten ingkang tanpa hanuswara lan ingkang mawi hanuswara.

1. Ater-ater pa- (tanpa hanuswara):

pa + sumbang à pasumbang; pa + eling à peling

2. Ater-ater pa- (mawi hanuswara)

pa + cacad à panacad; pa + wedhar à pamedhar; pa + bagya à pambagya

h) Tembung mawi ater-ater pi-

pi + wulang à piwulang; pi + tutur à pitutur; pi + antuk à pikantuk

i) Tembung mawi ater-ater pra-

pra + setya à prasetya; pra + tandha à pratandha; j) Tembung mawi ater-ater pri-

Tembung ingkang mawi ater-ater pri– menika sejatosipun awis-awis dipun-ginakaken.

Tuladha: pri + kanca à prikanca; pri + awak à priawak; pri + badi à pribadi

k) Tembung mawi ater-ater tar-

tar + tamtu à tartamtu; tar + kadhang à tarkadhang

l) Tembung mawi ater-ater sa-

sa + dina à sadina; sa + atus à satus

3.1.2 Tembung Mawi Seselan

Imbuhan ingkang dipun-wastani seselan wonten sekawan, inggih menika seselan -in-, seselan -um-, seselan -er-, lan -el-.

a) Tembung mawi seselan -in-

Seselan -in- mapan ing antawisipun aksara kapisan lan kaping kalih. Dene menawi tembung lingga apurwa a, i, u, e, utawi o, seselan -in- mapan wonten ing sangajenging tembung lan ewah dados ing. Tuladha: -in- + puji à pinuji; -in- + tulis à tinulis; -in- + aran à ingaran

b) Tembung mawi seselan -um-

-um- + guyu à gumuyu; -um + seleh à sumeleh; -um- + andheg à mandheg (saking umandheg); -um- + putung à mutung; -um- + pinter à kuminter; -um- + bagus à gumagus

c) Tembung mawi seselan -el-

Ing basa pakecapan seselan -el- limrahipun dados l kemawon.

-el- + kencar à kelencar (klencar); -el- + gebyar à gelebyar (glebyar)

d) Tembung mawi seselan -er-

Ing basa pakecapan seselan -er- limrahipun ugi dados r kemawon.

-er- + gandhul à gerandhul (grandhul); -er- + tembel à terembel (trembel)

3.1.3 Tembung Mawi Panambang

a) Tembung mawi panambang -a

turu + -a à turua; udan + -a à udana; bali + -a à balia

b) Tembung mawi panambang -an

pasar + -an à pasaran; lungguh + -an à lungguhan; lima + -an à liman; sasi + -an à sasen; tuku + -an à tukon

c) Tembung mawi panambang -ana

siram + -ana à siramana; usap + -ana à usapana; lenga + -ana à lenganana; isi + -ana à isenana; sangu + -ana à sangonana; ombe + -ana à ombenana

d) Tembung mawi panambang -na

undur + -na à undurna; jaluk + -na à jalukna; sapu + -na à sapokna; rene + -na à renekna; bali + -na à balekna

e) Tembung mawi panambang -en

rajang + -en à rajangen; wudun + -en à wudunen; gawa + -en à gawanen; jaga + -en à jaganen; panu + -en à panunen

f) Tembung mawi panambang -ake (-ke)

panas + -ake à panasake; papan + -ake à papakake (papanake); padha + -ake à padhakake; turu + -ake à turokake; tangi + -ake à tangekake; rene + -ake à renekake

g) Tembung mawi panambang -i

bayar + i à bayari; kandha + i à kandhani

h) Tembung mawi panambang -e (-ipun)

sungut + -e à sungute; bojo + -e à bojone

i) Tembung mawi panambang -ku

omah + -ku à omahku; pipi + -ku à pipiku

j) Tembung mawi panambang -mu

dhuwit + -mu à dhuwitmu; adhi + -mu à adhimu

Panambang -mu ing basa krama dipun-kramakaken sampeyan, panjenengan, lsp.

3.1.4 Tembung Mawi Ater-ater lan Panambang

a) Tembung mawi ater-ater hanuswara lan panambang -i

n- + tetak + -i à netaki; ny- + cukur + -i à nyukuri; m- + pungkas + -i à mungkasi; ng- + kurang + -i à ngurangi

b) Tembung mawi ater-ater hanuswara lan panambang -ake (-aken)

n- + tebas + -ake à nebasake; ny- + cemplung + -ake à nyemplungake; m- + pedhot + -ake à medhotake; ng- + kendho + -ake à ngendhokake

c) Tembung mawi ater-ater hanuswara lan panambang -a

n- + cucup + -a à nucupa; m- + peksa + -a à meksaa; ny- + sepi + -a à nyepia; ng- + ulu + -a à ngulua

d) Tembung mawi ater-ater hanuswara lan panambang -ana

n- + thuthuk + -ana à nuthukana; m- + wadhah + -ana à madhahana; ny- + suru + -ana à nyuronana; ng- + kembang + -ana à ngembangana

e) Tembung mawi ater-ater hanuswara lan panambang -na

n- + terus + -na à nerusna; ny- + singgah + -na à nyinggahna; m- + bali + -na à mbalekna; ng- + alus + -na à ngalusna

f) Tembung mawi ater-ater hanuswara lan panambang -e (-ipun), -ne (-nipun)

n- + tulis + -e à nulise; m- + pethik + -ipun à methikipun; ny- + sewa + -nipun à nyewanipun; ng- + reka + -nipun à ngrekanipun

g) Tembung mawi ater-ater dak- lan panambang -i

dak- + aran + -i à dakarani; dak- + tata + -i à daktatani

h) Tembung mawi ater-ater dak- lan panambang -ake

dak- + undur + -ake à dakundurake; dak- + buka + -ake à dakbukakake

i) Tembung mawi ater-ater dak- lan panambang -a

dak- + pikir + -a à dakpikira; dak- + temu + -a à daktemua

j) Tembung mawi ater-ater dak- lan panambang -ana

dak- + dum + -ana à dakdumana; dak- + gula + -ana à dakgulanana

k) Tembung mawi ater-ater dak- lan panambang -na

dak- + bubar + -na à dakbubarna; dak- + tiba + -na à daktibakna

l) Tembung mawi ater-ater dak- lan panambang -e (-ne)

dak- + babad + -e à dakbabade; dak- + biji + -ne à dakbijine

m) Tembung mawi ater-ater kok- lan panambang -i

kok- + cuwil + -i à kokcuwili; kok- + wali + -i à kokwaleni

n) Tembung mawi ater-ater kok- lan panambang -ake

kok- + rapet + -ake à kokrapetake; kok- + temu + -ake à koktemokake

o) Tembung mawi ater-ater kok- lan panambang -a

kok- + susul + -a à koksusula; kok- + obong + -a à kokobonga

p) Tembung mawi ater-ater kok- lan panambang -ana

kok- + tutup + -ana à koktutupana; kok- + aji + -ana àkokajenana

q) Tembung mawi ater-ater kok– lan panambang –na

kok- + lumpuk + -na à koklumpukna; kok- + jaga + -na à kokjagakna

r) Tembung mawi ater-ater di- lan panambang -i

di- + wedhak + -i à diwedhaki; di- + sapu + -i à disaponi

s) Tembung mawi ater-ater di- lan panambang -ake

di- + kukuh + -ake à dikukuhake

di- + saji + -ake à disajekake

t) Tembung mawi ater-ater di- lan panambang -a

di- + bayar + -a à dibayara; di- + udi + -a à diudia

u) Tembung mawi ater-ater di- lan panambang -ana

di- + murah + -ana à dimurahana; di- + adu + -ana à diadonana

v) Tembung mawi ater-ater di- lan panambang -na

di- + lembur + -na à dilemburna; di- + gawa + -na à digawakna

Ater-ater di- menika kramanipun inggih menika dipun-, lan panyeratipun dados setunggal kaliyan tembung ingkang angsal imbuhan menika.

w) Tembung mawi ater-ater ka- lan panambang -an

ka- + becik + -an à kabecikan; ka- + sekti + -an à kasekten

x) Tembung mawi ater-ater ka- lan panambang -ake

ka- + andhar + -ake à kaandharake; ka- + basa + -ake à kabasakake

y) Tembung mawi ater-ater ka- lan panambang -a

ka- + lêbur + -a à kalêbura; ka- + apura + -a à kaapuraa

z) Tembung mawi ater-ater ka- lan panambang -ana

ka- + resik + -ana à karesikana; ka- + ciri + -ana à kacirenana

aa) Tembung mawi ater-ater ka- lan panambang -na

ka- + caos + -na àkacaosna; ka- + puji + -na à kapujekna

bb) Tembung mawi ater-ater ka- lan panambang -en

ka- + alit + -en à kaliten; ka- + atis + -en à katisen

cc) Tembung mawi ater-ater ke- lan panambang -en

ke- + tipis + -en à ketipisen; ke- + lemu + -en à kelemon; ke- + lor + -en à kengaloren

dd) Tembung mawi ater-ater ke- lan panambang -an

ke- + colong + -an à kecolongan; ke- + daya + -an à kedayan

Ater-ater ka- lan ater-ater ke- boten mesthi saged dipun-samekaken, awit ater-ater ke- wonten ingkang boten saged dipun-gantos ater-ater ka-, lan wonten ater-ater ka- ingkang boten saged dipun-gantos ater-ater ke-.

ee) Tembung mawi ater-ater pa- lan panambang -an

pa- + dunung + -an à padunungan; pa- + pring + -an à papringan

ff) Tembung mawi ater-ater pa- lan panambang -e

pa- + sumbang + -e à pasumbange; pa- + tulis + -e à panulise

gg) Tembung mawi ater-ater pa- lan panambang -ku

pa- + weh + -ku à pawehku; pa- + suwun + -ku à panyuwunku

hh) Tembung mawi ater-ater pa- lan panambang -mu

pa- + suwita + -mu à pasuwitanmu; pa- + budi + -mu à pambudimu

ii) Tembung mawi ater-ater pi- lan panambang -a

pi- + antuk + -a à pikantuka; pi- + buna + -a à pigunaa

jj) Tembung mawi ater-ater pi- lan panambang -ana

pi- + takon + -an à pitakonan; pi- + tulung – an à pitulungan

kk) Tembung mawi ater-ater pi- lan panambang -e

pi- + andel + -e à piandele; pi- + kukuh + -e à pikukuhe

ll) Tembung mawi ater-ater pi- lan panambang -ku

pi- + wales + -ku à piwalêsku; pi- + tuduh + -ku à pituduhku

mm) Tembung mawi ater-ater pi- lan panambang -mu

pi- + andel + -mu à piandêlmu; pi- + angkuh + -mu à piangkuhmu

nn) Tembung mawi ater-ater pra- lan panambang -an

pra- + setya + -a à prasetyaa; pra- + janji + -a à prajanjia

oo) Tembung mawi ater-ater pra- lan panambang -an

pra- + janji + -an àprajanjian; pra- + be + -an à prabean

pp) Tembung mawa ater-ater pra- lan panambang -e (-ne)

pra- + tingkah + -e à pratingkahe; pra- + tata + -e à pranatane

qq) Tembung mawi ater-ater pra- lan panambang -ku

pra- + janji + -ku à prajanjiku; pra + setya + -ku à prasetyaku

rr) Tembung mawi ater-ater pra- lan panambang -mu

pra- + jurit + -mu à prajuritmu; pra- + wira + -mu à prawiramu

ss) Tembung mawi ater-ater sa- lan panambang -a

sa- + gegem + -a à sagegema; sa- + pira + -a à sapiraa

tt) Tembung mawi ater-ater sa- lan panambang -an

sa- + emplok + -an à saemplokan; sa- + gebyar + -an à sagebyaran

uu) Tembung mawi ater-ater sa- lan panambang -e (-ipun), -ne (-nipun)

sa- + bener + -e à sabenere; sa- + kondur + -ipun à sakonduripun

sa- + lunga + -ne à salungane; sa- + dangu + -nipun à sadangunipun

vv) Tembung mawi ater-ater sa- lan panambang -ku

sa- + kuwat + -ku à sakuwatku; sa- + ulih + -ku à saulihku

ww) Tembung mawi ater-ater sa- lan panambang -mu

sa- + kober + -mu à sakobermu; sa- + umur + -mu à saumurmu

3.1.5 Tembung Mawi Seselan lan Panambang

a) Tembung mawi seselan -in- lan panambang -an

-in- + kalung + -an à kinalungan; -in- + sarta + -an à sinartan

b) Tembung mawi seselan -in- lan panambang -ake (-aken)

-in- + sampir + -ake à sinampirake; -in- + bantu + -aken à binantokaken

c) Tembung mawi seselan -in- lan panambang -a

-in- + ganjar + -a à ginanjara; -in- + puji + -a pinujia

d) Tembung mawi seselan -in- lan panambang -ana

-in- + gendhong + -ana à ginendhongana; -in- + ili + -ana à ingilenana

e) Tembung mawi seselan -in- lan panambang -na

-in- + luhur + -na àlinuhurna; -in- + suci + -na àsinucekna

f) Tembung mawi seselan -in- lan panambang -e (-ipun), -ne (-nipun)

-in- + sebut + -e à sinebute; -in- + sebat + -ipun à sinebatipun

g) Tembung mawi seselan -in- (-ing-) lan panambang -an

-in- + ulung + -an à ingulungan -in- + aran + -an à ingaranan

h) Tembung mawi seselan -um- lan panambang -a

-um- + luntur + -a à lumuntura; -um- + guyu + -a à gumuyua

i) Tembung mawi seselan -um- lan panambang -an

-um- + kenthus + -an à kumenthusan

j) Tembung mawi seselan -um- lan panambang -ana

-um- + surup + -ana à sumurupana

k) Tembung mawi seselan -um- lan panambang -na

-um- + dugi + -na à dumugekna; -um- + silak + -na à sumilakna

l) Tembung mawi seselan -um- lan panambang -e (-ipun), -ne (-nipun)

-um- + turun + -e à tumurune; -um- + jedhul + -ipun à jumedhulipun

m) Tembung mawi seselan -um- lan panambang -ku

-um- + tandang + -ku à tumandangku; -um- + teka + -ku à tumekaku

n) Tembung mawi seselan -um- lan panambang -mu

-um- + jangkah + -mu à jumangkahmu; -um- + surup + -mu à sumurupmu

3.1.6. Tembung Mawi Ater-ater Rangkep

a) Ater-ater ka- lan pi-

Ater-ater ka- lan pi- ingkang dipun-ginakaken sesarengan kangge ndhapuk tembung andhahan asring dipun-wastani ater-ater kapi-

Tuladha: ka- + pi- + andel à kapiandel; ka- + pi- + rangu à kapirangu

b) Ater-ater ka- (mawi hanuswara) lan pi-

Ater-ater ka- (mawi hanuswara) lan pi- ingkang sesarengan kangge ndhapuk tembung andhahan asring dipun-wastani ater-ater kami-

Tuladha: ka-(m) + pi- + tuwa à kamituwa; ka-(m) + pi- + purun àkamipurun

3.1.7 Tembung Mawi Ater-ater ka-, pi- lan Panambang

a) Tembung mawi ater-ater ka-, pi- lan panambang -en

kami- + sosol + en à kamisosolen; kami- + tenggeng + en à kamitenggengen

3.1.8 Tembung Mawi Ater-ater lan Seselan

a) Tembung mawi ater-ater ka-, lan seselan -um-

Ater-ater ka- lan seselan -um- ingkang sesarengan kangge ndhapuk tembung andhahan asring winastan ater-ater kuma

ka- + -um- + wani à kumawani; ka- + -um- + wasis à kumawasis

b) Tembung mawi ater-ater ka- lan seselan -in-

ka- + -in- sambi à kasinambi

3.1.9. Tembung Mawi Ater-ater , Seselan, lan Panambang

a) Tembung mawi ater-ater ka-, seselan -in-, lan panambang -an.

ka- + -in- + asih + -an à kinasihan; ka- + -in- + bekti + -an à kinabekten

b) Tembung mawi ater-ater pa-, seselan -in-, lan panambang -an

pa- + -in- + alang + -an à pinalangan

c) Tembung mawi ater-ater ka-, seselan -in-, lan panambang -ake

ka- + -in- + arep + -ake à kinarepake

d) Tembung mawi ater-ater pa-, seselan -in-, lan panambang -ake

pa- + -in- + alang + -ake à pinalangake

3.2 Tembung Rangkep

Tembung rangkep wonten warni kalih, inggih menika tembung ingkang dumadosipun srana karangkep lingganipun lan karangkep wandanipun. Tembung ingkang dumadosipun srana karangkep lingganipun winastan tembung dwilingga. Tembung ingkang dumadosipun srana karangkep wanda ngajeng winastan tembung dwipurwa, dene ingkang karangkep wanda ingkang wingking winastan tembung dwiwasana.

3.2.1 Tembung Dwilingga

a) Tembung dwilingga wantah (murni)

udan à udan-udan; seneng à seneng-seneng

b) Tembung dwilingga salin swara

bali à bola-bali; celuk à celak-celuk

3.2.2 Tembung Dwipurwa

a) Tembung dwipurwa wantah

kemul à kekemul; peteng à pepeteng

b) Tembung dwipurwa salin swara

tamba à tetamba; bungah à bebungah

3.2.3 Tembung Dwiwasana

a) Tembung dwiwasana wantah

celi à celili; celo à celolo

b) Tembung dwiwasana salin swara

pentheng à pethentheng; cekak à cekakak

3.2.4. Tembung Rangkep Mawi Imbuhan

a) Tembung rangkep mawi ater-ater

di- + idak-idak à diidak-idak; kok- + suwek-suwek à kok suwek-suwek

b) Tembung rangkep mawi seselan

-in- + dama-dama à dinama-dama; -um- + sugih-sugih à sumugih-sugih

c) Tembung rangkep mawi panambang

jaran-jaran + -an à jaran-jaranan; omah-omah + -an à omah-omahan

3.3 Tembung Camboran

Tembung camboran inggih menika tembung kalih utawi langkung ingkang dipun-angge sesarengan, lan sasampunipun kacambor nggadhahi teges setunggal. Adhedhasar wujuding tembung lan pandhapukipun tembung camboran wonten warni kalih, inggih menika tembung camboran ingkang tembung-tembungipun wetah lan tembung camboran ingkang tembung-tembungipun dipun wancah utawi boten wetah.

3.3.1 Tembung Camboran Wetah

a) Tembung camboran ingkang tembung-tembungipun awujud tembung lingga

gubug penceng ‘araning lintang’; gula klapa ‘araning gendera’

b) Tembung camboran ingkang tembung-tembungipun awujud tembung lingga lan andhahan

semar mendem ‘araning tetedhan’; kutut manggung ’araning gendhing’

3.3.2 Tembung Camboran Tugel

kakkong ’tungkak bokong’; pakboletus ’tapak kebo ana lelene satus’; yumaerong ’yuyu omahe ngerong’; lutmaendhut ’welut omahe lendhut’; thukmis ‘bathuk klimis’

II. Jinising Tembung

Miturut jinisipun, tembung-tembung ing basa Jawi saged kaperang dados sedasa, inggih menika tembung kriya, tembung aran, tembung sesulih, tembung kaanan, tembung katerangan, tembung wilangan, tembung panyilah, tembung ancer-ancer, tembung panggandheng, lan tembung sabawa.

1. Tembung kriya (verba)

Tembung kriya inggih menika tembung ingkang mratelakaken solah bawa utawi tumandang damel. Tuladha: teka, lunga, mangan, ngombe, nyaponi, nibakake, dituku, lsp.

2. Tembung aran (substantiva)

Tembung aran inggih menika namining sedaya barang lan menapa kemawon ingkang dipun-anggep barang. Tuladha: mas, perak, manungsa, Suta, Naya, lsp.

3. Tembung sesulih (pronomina)

Tembung sesulih inggih menika tembung ingkang kangge nyulihi barang ingkang sampun dipunmangertosi, amrih boten wongsal-wangsul nyebat namaning barang kalawau, lan ugi kangge nedahaken dununging barang.

a) Tembung sesulih tiyang: aku, kula, ingsun, lsp.

b) Tembung sesulih panuduh: iki, kuwi, kae, lsp.

c) Tembung sesulih pitakon: apa, sapa, endi, priye, lsp.

4. Tembung kaanan (adjectiva)

Tembung kaanan inggih menika sedaya tembung ingkang mratelakaken kawontenaning barang. Tuladha: abang, cilik, ayu, larang, landhep, lsp.

5. Tembung katerangan (adverbia)

Tembung katerangan inggih menika tembung ingkang nerangaken wasesa utawi tembung sanesipun kejawi tembung aran. Tuladha: adoh, banter, rindhik, lsp.

6. Tembung wilangan (numeral)

Tembung wilangan inggih menika tembung ingkang mratelakaken cacahing barang utawi mratelakaken undha-usuk. Tuladha: siji, loro, katelu, kapat, lsp.

7. Tembung panyilah (artikel)

Tuladha: sing, kang, ingkang

8. Tembung ancer-ancer (preposisi)

Tembung ancer-ancer inggih menika tembung ingkang nedahaken ener utawi papan ingkang dipuntuju. Tulaha: ing, marang, menyang, saka, lsp.

9. Tembung panggandheng (konjungsi)

Tembung panggandheng inggih menika tembung ingkang tumindakipun nggandheng utawi nyambung tembung ingkang setunggal kaliyan setunggalipun utawi nyambung ukara setunggal kaliyan ukara setunggalipun. Tuladha: lan, karo, sarta, miwah, utawa, lsp.

10. Tembung sabawa (panguwuh, interjeksi)

Tuladha: lo, la, adhuh, wah, tobat, ah, lsp.


B. TEMBUNG ING BASA JAWA

1. Têmbung Wod

1. Têmbung wod iku kang dadi uwite têmbung. Têmbung-têmbung wod iku mung nyawanda, kaya ta: cul, dol, pêt, bung, dhug, sur, lan sapanunggalane.

2. Têmbung wod siji bisa dadi uwite têmbung pirang-pirang. Tuladhane têmbung wod: lur, dadi uwite têmbung-têmbung: lulur, sulur, sadulur, bilur, ulur-ulur, kang kabèh iku padha ngêmu surasa: dawa. Dadi têmbung-têmbung kang nunggal wod, uga padha nunggal surasa. Tuladhane manèh:

a. Kang saka wod: sup, ngêmu surasa mlêbu, kaya ta: surup, slulup, angslup.

b. Kang saka wod: lar, ngêmu surasa ômba, kaya ta: gêlar, têlar, gilar-gilar, milar, ular-ular.

c. Kang saka wod: kêp, ngêmu surasa: mringkus utawa sêsêg, kaya ta: kêkêp, dêkêp, sikêp, krêkêp.

3. Manut surasane, têmbung wod kêna kaperang: 3, yaiku:

a. Kahanan kang katon, kaya ta: pêt, cur, lur, byur.

b. Kahanan kang kêprungu, kaya ta: dhug, thor, pyak.

c. Ora kêna disurasa, kaya ta: las, jug, kur, tur.

2. Têmbung Lingga

1. Têmbung lingga asale saka rêrimbagane têmbung wod. Pangrimbage têmbung wod dadi têmbung lingga, kaya ta sarana:

a. Kawuwuhan ing ngarêpe.

dol

yun

cul

a +

dus

i +

sêp

u +

wan

rit

jol

bêr

dol

yub

bor

ê +

dus

è +

sêk

o +

yag

rit

lèr

kol

ki

iki, têmbung panyilah mratelakake cêdhak.

i +

ku

iku, têmbung panyilah mratelakake rada adoh.

ka

ika, têmbung panyilah mratelakake adoh.

dhêg

budhêg, kahanan swara kang mung kêprungu dhêg-dhêg

bu +

pêt

bupêt, kahanan pêpêt

têng

butêng, kahanan pêtêng

bi

rabi, wanita kang aji (kinurmatan)

ra +

ki

raki, owah dadi: laki, priya kang aji

(ha)dyan

wong kang kinurmatan (radyan, radèn).

b. Kawuwuhan ing buri

ki

kie, malih dadi: kiye = iki

ku

+ e

kue, malih dadi kuwe = iku

ka

kae, ora malih = ika.

ko

koe, malih dadi: kowe.

was

was = dandan. Wastra = sandhangan

wak

+ tra

wak = gunêman. Waktra = cangkêm

syas

syas = wulang. Syastra = piwulang (sing endah).

c. Kawuwuhan ing têngah (disêsêli).

sup + (ra) = srup, surup. gung + (na) = gunung.

sêr + (la) = slêr, sêlêr. sur + (ma) = sumur.

d. Disaroja, têgêse dirangkêp.

dang – dangdang, owah dadi dandang.

bung – bungbung, owah dadi bumbung.

ton – tonton, ora owah.

e. Dirangkêp purwaning wod.

cul, dadi têmbung lingga:

cucu

l

dol, dadi têmbung lingga:

dodo

l

sêp, dadi têmbung lingga:

sêsê

p

f. Karimbag luwih saka sawarna.

dhêg, karangkêp purwane dadi: dhêdhêg + (ra) = dhrêdhêg.

sor, karangkêp purwane dadi: sosor : (la) = slosor.

2. Panulise têmbung lingga ora kêna ngrangkêp aksara, kaya ta: dina, wêdi, sêga, ora kêna: dinna, wêddi, sêgga.

Mung wanda wêkasane lingga kang kêna katulis nganggo pêpêt layar. kaya ta: lêmpêr, pagêr, wadêr. Nanging: grêji, prêlu, drêjêg. Ora kêna: gêrji, pêrlu, dêrjêg.

Têmbung lingga 3 wanda kang wandane kapindho lan katêlu mênga tur nglêgêna, sanajan pakêcapane wanda kapisan nganggo pêpêt, katulis tanpa pêpêt, kaya ta: sagara, katara, manawa, bathara. Têmbung lingga 3 wanda saliyane iku, katulis manut pakêcapane, kaya ta: kênari, kêmiri, lêmpuyang, bênggala, kêncana, sêmbada.

Têmbung krama 3 wanda kang saka ngokone mung owah swarane, yèn ngokone panulise wanda kapisan tanpa pêpêt, panulise wanda kapisan ing têmbunge krama uga tanpa pêpêt. Kaya ta: manawi, sagantên.

Lingga 3 wanda kang asale saka têmbung mônca katulis kaya pakêcapane, kaya ta: sêkolah, sêtrika.

3. Panulise têmbung lingga ing dhuwur iku ing sastra Latin, salaras karo wêwatoning panulis ing sastra Jawa. lêmpêr, pagêr, wadêr, grêji, prêlu, drêjêg; katara, sagara, manawa, bathara; sêgantên, manawi, bathari, sêkolah, sêtrika.

3. Têmbung Andhahan.

1. Pangrimbage têmbung lingga dadi têmbung andhahan ana 8 warna.

a. diwancah (diêlong). e. dirangkêp wasanane.

b. dicampur karo têmbung liya. f. diatêr-atêri.

c. dirangkêp purwane. g. dipanambangi.

d. dirangkêp linggane. h. disêsêli.

2. Pangrimbag warna 8 iku anjalari anane têmbung andhahan warna-warna, yaiku:

a. wancahan: ki, nyi[1] h. dwiwasana: cêngingis.

b. camboran wutuh: nagasari i. tanduk: nuku.

c. camboran wancahan: kakkong j. tanggap utama purusa: daktuku.

d. lingga andhahan: kubêng k. tanggap madyama purusa: kotuku.

e. andhahane lingga: warêge l. tanggap pratama purusa: dituku.

f. dwilingga: tuku-tuku.

g. dwipurwa: têtuku.

m. tanggap ka: katuku. t. wisesa na: tukon.

n. tanggap na: tinuku. u. bawa ka: kêtulis.

o. tanggap tarung: candhak-cinandhak. v. bawa ha: akadang.

p. dwilingganing tanggap na: cinandhak-candhak. w. bawa ma: kumukus.

q. tandang utama purusa: daktukune. x. bawa ma tundha: turun-tumurun.

r. sananta utama purusa: daknuku y. dwilingganing bawa ma: tumurun-tumurun

s. sananta pratama purusa: ditaberi z. bawa kami: kamituwa.

A. bawa kuma: kumawani G. kriya wacaka: panuku.

B. bawa kapi: kapilare H. karana wacaka: pangungsèn.

C. guna: gudhigên. I. agnya tanduk: nukua.

D. adiguna: kêdawan. J. agnya tanggap: tukunên.

E. bawa wacaka: kraton. K. sambawa akèh bangêt.

F. daya wacaka: pawon.

Têmbung andhahan warna-warna iku bakal ditêrangake ana ing perangan buri.

3. Têmbung andhahan ana sing linggane ora tau kanggo, tur mung kêna didadèkake têmbung andhahan sawarna, kaya ta:

dwilingga: wira-wiri, linggane: wiri.

bawa kami: kami tênggêngên, linggane: tênggêng.

bawa ka: kabêsturon, linggane: bêsturu.

tanduk kriya wantah: nguthuh, linggane: kuthuh.

wisesa na lingga: gamêlan, linggane: gamêl.

camboran: sanggarunggi, lingga: runggi, ora kanggo.

4. Ana têmbung andhahan sing sok dikira têmbung lingga, kaya ta:

tinanggênah = tanggênah + (na). tumama = tama + (ma)

têtela = tela, dwipurwa. kapenak = kapi + enak.

wêweka = weka, dwipurwa.

kliwon[2] = kalih èwu + an. kluban = kulub + an[3]

pagupon = pa + gupu + an. dumugi = dugi + (ma).

pangantèn = pang + anti + an tumrap = trap + (ma).

5. Kosok baline ana têmbung lingga kang bisa uga ana sing ngira têmbung andhahan, jalaran apurwa aksara irung, kaya ta: nakal, nyunyuk, nyata, malêm, mari, majad, madat, ngungun lan sapanunggalane.

4. Atêr-atêr

1. Wujude atêr-atêr: 23 warna, yaiku:

a. sa + tumpuk = satumpuk e. pri + bumi = pribumi.

b. pa + tumbas = patumbas. f. tar + kadhang = tarkadhang.

c. pi + tutur = pitutur. g. pan + dêlik = pandêlik.

d. pra + tôndha = pratôndha.

h. pany + cêrêng = pancêrêng. q. ang + gawa = anggawa.

i. pam + buri = pamburi r. dak + enggal =dakenggal.

j. pang + kêrêd = pangkêrêd. s. ko + ngalêm[4] = koalêm.

k. a + kadang = akadang. t. di + prayitna = diprayitna.

l. ma + guru = maguru. u. kuma + wani = kumawani.

m. ka + jaba = kajaba. v. kami + tuwa = kamituwa.

n. an + damu = andamu. w. kapi + lare = kapilare.

o. any + jumbul = anjumbul.

p. am + buru = amburu.

2. Atêr-atêr tarkadhang luluh utawa muni barêng karo purwane têmbung kang diatêr-atêri.

a. sa + ikêt = sèkêt. c. pi + …..

b. pa + ulah = polah. d. pra + ….. ora tau

e. pri + ….. luluh.

f. tar + …..

g. pan + tuku = panuku. p. am + pilih = milih.

h. pany + sêmbah = panyêmbah. q. ang + kulon = ngulon.

i. pam + puji = pamuji.

r. dak + …..

s. ko + ….. ora tau luluh

t. di + …..

j. pang + kira = pangira. u. kuma + ratu = kumratu.

k. a + ….. ora tau luluh. v. kami + …. ora tau luluh.

l. ma + isi = mèsi. w. kapi + enak = kapenak.

m. ka + ungas = kongas.

n. an + thuthuk = nuthuk.

o. any + sôngga = nyôngga.

3. Atêr-atêr ana sing ngowahake aksara purwaning lingga.

sa + enjing = sakenjing. am + bagawan = magawan.

pa + antuk = pakantuk. kuma + nini = kumini.

pi + olèh = pikolèh

4. Atêr-atêr ana sing lumrah dianggo bêbarêngan karo atêr-atêr liya.

sa + pa + ulah + e = sapolahe.

sa + pi + antuk + ipun = sapikantukipun.

sa + kapi + enak + e = sakapenake.

am + pra + an + tata + e = mranatane.

an + tar + buka + ira = narbukanira.

ang + ka + bêkti + a = ngabêktia.

ang + kapi + enak + ake = ngapenakake.

am + pi + guna + an + i = migunani.

am + pa + olah + i = makolahi.

5. Panulise atêr-atêr ing sastra Latin, salaras karo wêwatoning panulis ing sastra Jawa.

satumpuk, panganggo, prakara, panjangka, panyuwun, pambukane, pangganda, pangirane, maguru, sakapenake, sapangulon, mranatanipun, sapikantukipun, manganggoa lsp. Nanging panulise têmbung tanduk ora tau kawiwitan aksara a utawa A (kajaba tumrap têmbang), kaya ta: ndêlêng, Ndêlêng, mbabad, Mbabad, ngganda, Ngganda.

5. Panambang

1. Wujude panambang 14 warna, yaiku:

a. bisa + a = bisaa

b. ang + rabuk + i =ngrabuki.

c. êndhog + e = êndhoge.

d. gadhuh + an = gadhuhan.

e. gidhuh + ên = gidhuhên.

f. ang + êpèk + na = ngêpèkna.

g. dak + ang + pèk + ne = dakpèkne.

h. any + samak + ana = nyamakana.

i. an + cacag + ake = nacagake.

j. am + pilih + akên = milihakên.

k. sêkolah + ipun = sêkolahipun.

l. juwadah + ira = juwadahira.

m. manuk + ku = manukku.

n. èsêm + mu = èsêmu.

2. Yèn sumambung ing wanda mênga:

a. Panambang: e, ipun, ira, ên, aksara ha malih na.

sêga + e = sêgane rama + ira = ramanira.

gule + ipun = gulenipun. panu + ên = panunên.

b. Panambang: i, ana, kadhisikan panambang: an.

dak + an + têka + an + i = daknêkani.

ang + lênga + an + ana = nglênganana.

c. Panambang: an tarkadhang luluh karo wasananing lingga.

gadhe + an = gadheyan, utawa gadhèn.

ka + laku + an = klakuwan, utawa klakon.

3. Kabèh panambang kang apurwa aksara: a, yèn sumambung wanda sigèg, aksarane: a, malih dadi aksara sigêge wanda iku.

wêlas + a = wêlasa. gêbug + ira = gêbugira.

am + pêthil + i = mêthili. amis + ipun = amisipun.

gudhig + e = gudhige. any + sagêd + akên = nyagêdakên.

4. Têmbung lingga sing wandane wêkasan mênga:

a. Yèn dipanambangi: ake, akên, sinigêg: ka dhisik.

ang + kulina + ake = ngulinakake.

an + têmtu + akên = nêmtokakên.

b. Yèn dipanambangi: e, i, ira, an, ipun, ana, tarkadhang ana sing sêsigêg: ka, dhisik lan aksara a ing panambang iku uga malih: ka.

darbe: darbèke, darbèkipun, darbèkira.

dhewe: dhèwèke, dhèwèkan, andhèwèki.

duwe: duwèke, duwèkira.

5. Panambang: an (sing ora luluh) malih: wa, wan, yèn sumambung wanda mênga karakêtan ing suku utawa taling tarung, manawa sing disuku utawa ditaling tarung dudu: wa, kaya ta: ngangsuwa, kaprêluwan, kêbowan,. Nanging: tawua, nyuwowoa. (Ora kena: tawuwa, nyuwowowa).

6. Panambang: a, ana (sing ora luluh) malih: ya, yana, yèn sumambung wanda mênga karakêtan ing wulu utawa taling, manawa sing diwulu utawa ditaling iku dudu: ya. Kaya ta: ngaliya, reneya, kasuciyan, pagaweyan, nanging kapriyea, mriyayia. (Ora kêna kapriyeya, mriyayiya).

7. Têmbung lingga sing wandane wêkasan sigêg: na, yèn dipanambangi: ake (akên) ana sing aksarane sêsigêg ajêg bae, ananging malih: ka, ana manèh sing kêna malih utawa ora. Manawa aksara sêsigêg iku malih: ka, aksara: ha, ing panambang mau uga malih: ka. Tuladhane:

a. Kang aksarane sêsigêg: na ajêg bae.

any + sabun + ake = nyabunake

an + tuntun + akên = nuntunakên.

b. Kang aksarane sêsigêg: na, malih: ka.

an + dandan + ake = andandakake

am + pakan + akên = makakakên.

c. Kang kêna malih utawa ora.

ang + udhun + ake = ngudhunake, ngudhukake.

am + papan + akên = mapanakên, mapakakên.

8. Têmbung lingga kang aksara ing wandane wêkasan dudu: wa, tur karakêtan suku utawa taling tarung lan wignyan, yèn dipanambangi: an, panambang iku kêna malih: wan, kêna ajêg bae. Kaya ta: lungguwan, kokowan, gorowan, kêna katulis lungguhan, kokohan, gorohan.[5]

9. Têmbung lingga kang aksara ing wandane wêkasan dudu: ya, tur karakêtan ing wulu utawa taling lan wignyan, yèn dipanambangi: an, panambang iku kêna malih: yan, kêna ajêg bae. Kaya ta:

tapih + an = tapihan, utawa: tapiyan.

lodhèh + an = lodhehan, utawa: lodheyan[6]

10. Ana têmbung lingga sawatara kang wandane wêkasan mênga karakêtan ing sandhangan wulu, yèn dipanambangi: an, sandhangan wulu iku banjur malih taling.

ka + dadi + an = kadadeyan.

ka + nabi + an = kanabeyan.

ka + wali + an = kawaleyan (kuwaleyan).

11. Akèh bangêt têmbung andhahan sing mawa panambang nganti loro utawa luwih, kaya ta:

klalenan = ka + lali + an + an.

wingènane = wingi + an + an + e.

ngrumasanana = ang + rasa + (ma) + an + an.

ingusadanan = usada + (na, malih: nga) + an + an.

sagêdhenaneya = sa+ gêdhe + an + an + e + a.

12. Panulise panambang ing sastra Latin, umume ajêg bae. Mung tumrap kang kasêbut ing ôngka 7-8-9 ing dhuwur iku, salaras karo wêwatoning panulis ing sastra Jawa.

[30]

6. Sêsêlan

1. Wujude sêsêlan warna: 6, yaiku: ra, la, dha, tha, ma, na, yèn katulis sastra Latin: er, el, edh, eth, um, in.

a. wêdi + (na) + an + an = winêdenan.

b. kêthip + (ra) + e = krêthipe.

c. ang + gêrêng + (la) + ipun = angglêrêngipun.

d. ang + gandhul + (dha) + a = anggêdhandhula.

e. kanthil + (tha) + an = kêthanthilan.

f. kukus + (ma) + ira = kumukusira.

2. Sêsêlan: na, tumrap têmbung lingga apurwa: a, malih: nga.

êdus + (na) + an = ingêdusan.

usada + (na) + an + an = ingusadanan.

3. Sêsêlan: ma, tumrap têmbung lingga apurwa: ba, purwane lingga iku malih: ga, kaya ta;

bagus + (ma) + ira = gumagusira.

bobor + (ma) + ipun = gumoboripun.

4. Sêsêlan: ma, la, tarkadhang ngowahake aksara purwaning lingga kang ora kêna dipathoki.

pelas + (ma) = pumelas, malih: kumelas, rêmelas.

awu + (la) = êlawu, malih: kêlawu, klawu.[7]

5. Ana têmbung andhahan sawatara sing asêsêlan rangkêp.

kêlap + (ra) + (ma) + ira = kumrêlapira.

gêrêng + (la) + (ma) + e = gumlêrênge.

surup + (ma) + (na) + an = sinumurupan.

rasa + (ma) + (na) + an + an = rinumasanan.

titi + (la) + (na) = tinaliti.

6. Sêsêlan kang trape luwih dhisik tinimbang atêr-atêr ya ana, atêr-atêre kang tumêrap dhisik uga ana.

a. bagus + (ma) = gumagus.

ang + gumagus + i = anggumagusi.

b. tar + buka = tarbuka.

tarbuka + (na) + ipun = tinarbukanipun.

[32]

7. Têmbung Wancahan[8]

1. Têmbung wancahan iku têmbung cêkakan utawa têmbung sing diêlong, sarana dibuwang saperangan.

2. Carane mancah têmbung ana warna: 5, yaiku:

a. ambuwang perangan ngarêp: êmbakyu – yu.

b. ambuwang perangan buri: êmbakyu – êmbak

c. ambuwang perangan têngah: manira – mara. pakênira – para; kyai – ki, nyai – nyi. Luwih têrang yèn katulis ing sastra Latin: ma(ni)ra, pa(kêni)ra, k(ya)i, ny(a)i.

d. ambuwang perangan ngarêp buri:

Sutarja – Tar (Su)tar(ja).

Ngadimin – Dim (Nga)dim (in).

Sutinah – Tin (Su)tin(ah).

Mujinêm – Jin. (Mu)jin(êm).

c. Tanpa wêwaton: Purbalingga – Braling, sampeyan – mang.

3. Têmbung krama, yèn diwancah banjur dadi têmbung madya.

punika – nika, dhatêng – têng, kemawon – mawon.

Ing sadurunge wiwit ngrêmbug bab siji-sijine têmbung andhahan, luwih dhisik pangripta prêlu nêrangake bab carane migunakake:

8. Pathine (Kawruh) Paramasastra

1. Pathine (kawruh) paramasastra nêm warna, yaiku:

a. pangrimbaging têmbung d. pakêcapane

b. jênênging rimbage e. panulise

c. têgêse manut rêrimbagane f. panganggone

2. Carane migunakake Pathine (Kawruh) Paramasastra, upamane nêrangake têmbung andhahan: ngajawi.

a. pangrimbagipun: ang + ka + jawi.

b. namaning rimbagipun: tanduk kriya wantah.

c. têgêsipun: dhatêng (Tanah) Jawi.

d. pakêcapanipun: ngêjawi.

e. panyêratipun: ngajawi. (Ngajawi. Nga-ja-wi).

f. panganggenipun: Aji Saka anggènipun ngajawi kaping kalih.

Dadi carane nêrangake panganggone sarana: gawe ukara nganggo têmbung andhahan iku. Gawe ukara ora prêlu dawa-dawa. Sing wigati bangêt: bênêring panganggone, sukur yèn bisa: bênêr tur mapan (tepat).

Carane nêrangake panulise kudu warna loro, sastra Jawa lan Latin, sing sastra Latin dhewe warna loro, yaiku sarana katulis lumrah lan sarana milah wanda.

Tumrap têmbung andhahan sing têgêse padha karo linggane, ora prêlu ditêrangake têgêse.

Sing pakêcapane padha karo panulise, uga ora prêlu ditêrangake. Nanging sing akèh-akèh, têmbung-têmbung andhahan kudu ditêrangake nganggo pathine (kawruh) paramasastra nêm warna.

3. Wiwit saiki, sabên-sabên nyinau sawijining têmbung andhahan, sabên maca tuladha têmbung andhahan, sabên krungu utawa mrangguli têmbung andhahan, têrus elinga marang: pathine (kawruh) paramasastra nêm warna. Têmbung andhahan iku têrangna (sanajan mung ing batin bae) bab: pangrimbage, jênênging rimbage, têgêse pakêcapane, panulise, panganggone.

9. Têmbung Camboran

1. Têmbung camboran iku pamore têmbung loro utawa luwih kang ngêmu surasa sawarna, kaya ta: nagasari, kakkong.

2. Têmbung camboran ana warna loro, yaiku:

a. Camboran wutuh, kaya ta: gula-klapa, rujak-ulêg.

b. Camboran tugêlan utawa camboran wancahan, kaya ta: kwèlêm, lunglit, Jatêng (Jawa Têngah).

3. Camboran wutuh kaperang loro, yaiku:

a. Camboran pisah (scheidbaar), yèn dipanambangi, trape panambang ing têmbunge sing ngarêp, kaya ta:

wayang kulit + e = wayange kulit

sate ayam + ipun = satenipun ayam

gong bumbung + mu = gongmu bumbung

b. Camboran manunggal (onscheidbaar) yèn dipanambangi, trape panambang ing têmbunge sing buri, kaya ta:

nagasari + ku = nagasariku

dhodhogwêsi + e = dhodhogwêsine

4. Camboran pisah mung sawarna, lan sing luwih wigati mêsthi têmbunge sing ngarêp. Têmbunge sing buri dadi katrangan, kaya ta:

gula pasir = gula sing kahanane kaya pasir (mawur)

jaran Sambu = jaran sing asale saka pulo Sambu (Savu).

5. Camboran manunggal nêm warna, yaiku:

a. Têmbunge sing ngarêp luwih wigati, kaya ta:

kêlat bau = kêlat (tali) sing trape ana ing bau.

b. Camboran baliswara, têmbunge sing buri luwih wigati, kaya ta: narpa wandawa = wandawaning narpa (sadulure ratu).

c. Pamore têmbung sing padha utawa mèh padha têgêse, kaya ta: wadya-bala, gilir-gumanti, andhap-asor.

d. Pamore têmbung kosok balèn, kaya ta: a-

wan-bêngi, agal-alus, gêdhe-cilik.

e. Pamore têmbung kang ngêmu surasa lanang wadon, kaya ta: mimi-mintuna, dewa-dèwi, yaksa-yaksi.

f. Têmbung camboran sing banjur darbe têgês anyar, ora mèmpêr karo têgêse têmbung-têmbung sing dicambor, kaya ta: sêmar-mêndêm, dhodhog-wêsi.

6. Têmbung camboran kang sok dikira dudu camboran, kaya ta: srêngenge = sang + hyang + we (sang dewaning awan), têngange = têngah + ing + we (têngah-têngahing awan), kêbombang = kêbo + abang (sapi, maksude: kapiran), klabang = kala + abang.

7. Manut surasane, têmbung camboran kêna kaperang loro.

a. Mratelakake têmbung aran, kaya ta: sôngga-wêdhi, arum-manis, dhadha-mênthok, dubang, kwèlêm.

b. Mratelakake kaanan, kaya ta: sôngga-runggi, andhap-asor, kongêl, dhigus, dhêmênyar.

[38]

8. Panulise ing sastra Latin, têmbung camboran wancahan kagandhèng, camboran wutuh nganggo tôndha pagandhèng.[9]

10. Lingga Andhahan

1. Têmbung lingga andhahan warna loro, yaiku:

a. Kang mawa atêr-atêr: sa, pa, pi, pra, pri, tar, ka, ra, wi, su, utawa atêr-atêr: pa sigêg aksara irung, kaya ta:

sa + iji = siji ka + ubêng = kubêng

pa + eling = peling tar + kadhang = tarkadhang

pi + awon = piawon pan + thêlêng = panthêlêng

pany + cêrêng = pancêrêng

pra + kara = prakara pang + kêrêt = pangkêrêt

pri + bumi = pribumi wi + jaya = wijaya

ra + hayu = rahayu su + warna = suwarna

b. Kang mawa sêsêlan: ra, la, dha, tha, salah siji.

kêlip + (ra) =krêlip gêrêng + (la) = glêrêng.

[39]

jêrit + (la) = lêrit[10] kanthil + (tha) = kêthanthil

gandhul + (dha) = gêdhandhul

2. Lingga andhahan iku dudu: andhahane lingga. Andhahane lingga iku têmbung lingga sing olèh panambang: e, ipun, ira, i, ku, mu, salah siji, kaya ta: pêcahe, pêcahipun, pêcahira, darbèke, darbèkipun, darbèkira, darbèki, darbèkku, darbèkmu.

3. Prêlu disumurupi têgêse atêr-atêr: sa.

a. Pangarange ora mung sêsasi =siji.

b. Sakantor karo aku = nunggal.

c. Sadinane mangan ping têlu = sabên.

d. Salawase manggon ing asrama = wiwitan têkan wêkasan.

e. Guru samuride = karo

f. Sapungkure pak guru = barêng wis.

g. Konên anggarap sakobêre = anggêr.

h. Gêntenan satêkane = nganti.

[40]

i. Gêdhene sajêmpol = padha karo.

4. Panulise têmbung lingga andhahan ing sastra Latin, salaras karo wêwatoning panulis ing sastra Jawa.

11. Dwilingga

1. Dwilingga warna loro, yaiku:

a. Dwilingga lugu, kaya ta: putih-putih, alun-alun.

b. Dwilingga salin swara, kaya ta: wira-wiri, gela-gelo.

2. Dwilingga salin swara, ana warna têlu, yaiku:

a. Salin swara ngarêp, kaya ta: gelo — gela-gelo.

b. Salin swara buri, kaya ta: gêlang — gêlang-gêlèng.

c. Salin swara ngarêp buri, kaya ta: gonjing — gonjang-ganjing.

3. Têgêse têmbung dwi lingga:

a. Bocah-bocah kae lagi apa = akèh.

b. Pelas-pelas sêmayi iya arêp =sanajan.

c. Pintêr-pintêre siswa klas iki Ambyah = sing pintêr dhewe.

d. Darma wis anak-anak papat = duwe.

e. Muride pak Padma pintêr-pintêr = kabèh.

f. Irêng-irêng kae apa mêdi, ta = sing irêng.

g. Jamal iku agul-agule siswa S.G. =sing dadi.

h. Pak Kyai gêdhag-gèdhèg = bola-bali.

i. Bukune tumpukên lima-lima = sabên sa- ……

j. Aja padha mèlu-mèlu = luwih bangêt tinimbang: mèlu.

k. Ibu lagi asah-asah = durung cêtha apa sing diasahi.

3. Panulise têmbung-têmbung dwilingga ing sastra Jawa ora kêna nganggo ôngka loro, ing sastra Latin kêna, tumrap têmbung dwilingga sing unine têmbunge ngarêp-buri padha jiblès. Dwilingga lugu sing mawa atêr-atêr, panambang utawa sêsêlan ing têmbunge salah siji, lan kabèh dwilingga salin swara, ora kêna katulis nganggo ôngka loro. Tuladhane:

[42]

apa-apa, mangan-mangan, kêna katulis: apa2, mangan2. Nanging: sleyat-sleyot, meyang-meyong, sadina-dina, buku-bukune, manuk-manukku, pêlêm-pêlêmmu, ora kêna:sleyat2, meyang2, sa dina2, buku2 ne, manuk2 ku, pêlêm2 -mu[11]

12. Dwipurwa

1. Têmbung-têmbung sing ora kêna dirimbag dwipurwa:

a. Lingga apurwa aksara: a, kaya ta: aku, adus.

b. Lingga kêlung[12] wanda, kaya ta: sagara, katara, bathara.

c. Lingga sing wandane nunggal aksara, kaya ta: dadi, pipa, kaku, gagah, bèbèk.

d. Lingga sing wandane wiwitan mawa pengkal, kaya ta: kyai.

2. Sing ora kêna katut ing dwipurwa:

a. Taling tarung palsu, kaya ta: tômba, gônda, dadine dwipurwa kudu katulis: tatômba, gagônda.

b. Sandhangan wyanjana, kaya ta: kramas, truka, brêkat, dadine dwipurwa: kakramas, tutruka, bêbrêkat.

c. Sandhangan panyigêging wanda, kaya ta: warta, tangsul, wahyu, dadine dwipurwa: wawarta, tatangsul, wawahyu.

d. Aksara sêsigêg, kaya ta: tombok, ganjêl, buntêl, kêmbang, gendhong, pinjung, dadine dwipurwa: totomba, gaganjêl, bubuntêl, kêkêmbang, gegendhong, pipinjung.

3. Têgêse têmbung-têmbung dwipurwa:

a. kêkudhung = nganggo c. têtuku = akèh sing dituku

b. gêgembong = minangka gembong d. pêpêtêng = sing anjalari pêtêng

4. Panulise dwipurwa ing sastra Latin padha karo pakêcapane, kaya ta:

lêlara, têtamba, nggêganda, gêgêdhug, Susuhunan.

13. Dwiwasana

1. Têmbung-têmbung kang lumrah dirimbag dwiwasana, kaya ta: cêngis – cêngisngis owah dadi: cêngingis.

dêngèk – dêngèkngèk, owah dadi: dêngèngèk

jodhot – jodhotdhot, owah dadi: jêdhodhot.

jingkat – jingkatkat, owah dadi: jêginggat.

cangak – cangakngak, owah dadi: cêngingak.

jonggros – jonggrosgros, owah dadi: jêgonggros.

canguk – canguknguk, owah dadi: cênganguk.

2. Têgêse têmbung dwiwasana sing akèh-akèh:

a. kaya, tuladhane:

cêngingak = kaya cangak cênganguk = kaya canguk.

b. luwih bangêt tinimbang sing dudu dwiwasana, kaya ta:

nyêngingis, luwih bangêt tinimbang: nyêngis.

anjêgonggros, luwih tinimbang: anjonggros.

3. Mêsthine para siswa ora lali, wiwit nyinau bab XV nganti têkan bab iki, carane sinau sabên-sabên tansah migunakake: Pathine Paramasastra nêm warna. Saupama ana sing lali, perangan êndi sing lali, bêcik dibalèni dhisik, ing sabanjure, sabên nyinau bab anyar, wiwit nomer 14 ing ngisor iki, carane nyinau uga kudu sarana ngêcakake Pathine Paramasastra nêm warna, yaiku:

a. Pangrimbage têmbung d. Pakêcapane

b. Jênênging rimbage e. Panulise (Jawa-Latin)

c. Têgêse f. Panganggone (ing ukara)

14. Têmbung Tanduk

1. Ukara: Grêji andondomi klambi, Pitik nothol upa, Ibu ambrêgêdèl kênthang, Bapak nyathut paku, Wulung anggondhol kuthuk, iku kabèh jêjêring ukarane nandukake utawa makarti. Jalaran saka iku têmbung-têmbung: andondomi, nothol, ambrêgêdèl, nyathut, anggondhol, diarani: tanduk.

2. Sing bisa mangun têmbung tanduk iku atêr-atêr anuswara, cacahe ana 4, yaiku: an, any, am, ang.

3. Sing kêna diatêr-atêri: an, têmbung kang apurwa aksara: ca, dha, tha, na, ta, sa, da. Tuladhane:

an + cicil = nicil an + tinggal = ninggal

an + dhangir = andhangir an + susul = nusul

an + thakur = nakur an + damu = andamu

an + nanah + i = nanahi.

4. Sing kêna diatêr-atêri: any, têmbung-têmbung kang apurwa aksara: ca, sa, ja, nya, tuladhane:

any + cakar = nyakar any + jiwit = anjiwit

any + sikut = nyikut any + nyunyuk + i = nyunyuki

5. Sing kêna diatêr-atêri: am, têmbung-têmbung kang apurwa aksara: ma, wa, ba, pa. Tuladhane:

am + mari + an + i = marèni am + brakot = ambrakot.

am + wisuh + i = misuhi am + pangan = mangan

6. Sing kêna diatêr-atêri: ang, têmbung-têmbung kang apurwa aksara: a, ra, ka, ga, wa, nga, la, ya, tuladhane:

ang + angsu = ngangsu ang + ngungun + i = ngunguni.

ang + rabuk = ngrabuk ang + lara = nglara

ang + kiwa = ngiwa ang + yiyid = ngyiyid

ang + gagap = anggagap

ang + wontên + i = ngwontêni

7. Têmbung lingga sing ora kêna ditrapi salah sijine atêr-atêr anuswara, bisa dadi kêna, manawa dipitulungi atêr-atêr liya kang mawa aksara sing cundhuk karo aksara butuhe atêr-atêr anuswara iku. Tuladhane:

guna, ora kêna diatêr-atêri: am, nanging yèn luwih dhisik diatêr-atêri: pi, dadi: piguna, banjur kêna diatêr-atêri: am, muni: miguna.

jawa, ora kêna diatêr-atêri:ang, nanging yèn luwih dhisik diatêr-atêri: ka, dadi: kajawa. Banjur kêna diatêr-atêri: ang, muni: ngajawa.

8. Têmbung tanduk ana warna 3, yaiku:

a. Tanduk kriya wantah, kaya ta: nuku, ambrondong.

b. Tanduk kekriya, kaya ta: nyatakake, nyuntakake.

c. Tanduk ikriya, kaya ta: ngligani, ngrasani.

9. Têgêse têmbung-têmbung tanduk kriya wantah:

a. mrau = migunakake g. ngêsèd = anjarag

b. nguncêg = namakake h. mêcah = dadi

c. ngêmbah = nyêbut i. ngurung = nglêbokake

d. mondhok = dêdunung j. andhalang = nglakoni

e. ngêtumbar = kaya k. anggambar = gawe

f. ngulon = ngênêr. l. malawija = nandur

m. ngabang = agawe

n. nglara = api-api o. ngloro = siji-sijine

10. Têgêse têmbung-têmbung tanduk kekriya.

a. ngudhunake = anggawa e. nocogake = mriksa

b. andandakake = prentah f. andhuwurake = agawe

c. nuthukake = migunakake g. ngrèmèhake = ngarani

d. mêcêlake = gawe kanggo liyan h. nakokake = bab

11. Têgêse têmbung-têmbung tanduk ikriya

a. nuturi = mènèhi e. anjawani = mèmpêr

b. ngêsoki = ……. ing f. ambosoki = sêdhênge

c. ngesuki = ngungkuli g. nakoni = ………… marang

d. ngabuhi = anjalari h. nêloni = angganêpi

i. nuthuki = bola-bali j. nyapasari = slamêtan ganêpe

12. Panulise têmbung-têmbung tanduk ing sastra Latin, tumrap ing basa gancaran (dudu ing basa pinathok kaya ta: têmbang, guritan, parikan) ora tau kawiwitan aksara: a (A) kaya ta:

ndhrêdhêg Ndhrêdhêg njupuki Njupuki

mbêdhag Mbêdhag nggogrogake Nggogrogake

15. Têmbung Tanggap

1. Ing ukara:

I. Kucing dakpênthung. IV. Kucing kapênthung dening …….

II. Kucing kopênthung. V. Kucing pinênthung dening …….

III. Kucing dipênthung.

Iku kabèh mratelakake: jêjêre tômpa panggawe, tômpa pamasesa, tômpa pakarti. Têmbung tômpa, ing kawruh paramasastra dikandhakake: tanggap. Sarèhne jêjêre tômpa (tanggap) têmbung-têmbung: dakpênthung, kopênthung, dipênthung, kapênthung, pinênthung, diarani têmbung: tanggap.

I. Dakpênthung = tanggap utama purusa

II. Kopênthung = tanggap madyama purusa

III. Dipênthung = tanggap pratama purusa kriya wantah

IV. Kapênthung = tanggap ka

V. Pinênthung = tanggap na

2. Têmbung-têmbung tanggap limang golongan ing dhuwur iku siji-sijine ana 3 warna, yaiku:

a. kriya wantah: dakpênthung

I. Tanggap utama purusa b. kekriya: dakpênthungake

c. ikriya: dakpênthungi

a. kriya wantah: kopênthung

II. Tanggap madyama purusa b. kekriya: kopênthungake

c. ikriya: kopênthungi

a. kriya wantah: dipênthung

III.Tanggap pratama purusa b. kekriya: dipênthungake

c. ikriya: dipênthungi

a. kriya wantah: kapênthung

IV. Tanggap ka b. kekriya: kapênthungake

c. ikriya: kapênthungan

a. kriya wantah: pinênthung

V. Tanggap na b. kekriya: pinênthungake

c. ikriya: pinênthungan

3. Têmbung lingga sing wandane wêkasan mênga, dadine tanggap ka ikriya utawa tanggap na ikriya nganggo panambang: an, rangkêp loro. Tuladhane têmbung-têmbung: tômba, sapu, ili, dadine:

a. Tanggap ka ikriya: katambanan, kasaponan, kailenan.

b. Tanggap na ikriya: tinambanan, sinaponan, ingilenan.

4. Ganêpe wolu, isih ana têmbung tanggap manèh têlung warna kang satêmêne kalêbu tanggap na, yaiku:

I. Cinandhak-candhak, têgêse: cinandhak bola-bali, diarani: dwilingganing tanggap na.

II. Candhak-cinandhak, têgêse: padha dene nyandhak, sing siji nyandhak marang sijine, diarani : tanggap tarung.[13]

III. Cinacandhak, têgêse: cinandhak bola-bali, saka dwipurwa: cêcandhak, disêsêli : na, rimbage diarani: dwipurwaning tanggap na.

5. Kabèh têmbung dwipurwaning tanggap na, wandane kang wiwitan nganggo sandhangan wulu, wandane kang kapindho nglêgêna sarta mênga. Tuladhane: tinatubruk, ginagônda, pinapôntha, ginaganjar.

6. Panulise (têmbung tanggap sing mawa atêr-atêr) ing sastra Latin, atêr-atêre kagandhèng. Mung atêr-atêr: ko kang sumambung ing têmbung lingga apurwa: ê, nganggo tôndha panggandhèng. Tuladhane:

dakkêpruk, dakunggahake, dakimbuhi, kagendhong, koumbulake, koinggihi, ko-êmohi, ko-êmong, ditembok, diumpak, diiringake, dielingi, diêdusi, walês-winalês, ginayuh-gayuh.

Ngaranana têmbung tanggap warna wolu kaya kang kasêbut ing dhuwur iku, nuli têrangna sarana ngêcakake Pathine Paramasastra nêm warna.

16. Têmbung Sananta

1. Dakanggawa payung = aku nêdya anggawa payung.

Dakanggawakake payung = aku nêdya anggawakake payung.

Dakanggawani payung = aku nêdya anggawani payung.

Kabèh têmbung andhahan kang nganggo atêr-atêr: dak, manawa atêr-atêr: dak, iku kêna diganti (ditêgêsi): aku nêdya, rimbage diarani: sananta utama purusa.

a. Dakanggawa = sananta utama purusa kriya wantah.

b. Dakanggawakake = sananta utama purusa kekriya.

c. Dakanggawani = sananta utama purusa ikriya.

2. Digêmi uripmu = sing gêmi uripmu.

Dingati-ati ana ing dalan = sing ngati-ati ………………

Kabèh têmbung andhahan kang nganggo atêr-atêr: di, manawa atêr-atêre kêna diganti (ditêgêsi): sing, ngêmu surasa: prentah kanthi alus, rimbage diarani: sananta pratama purusa.

3. Panulise têmbung: sananta ing sastra Latin, atêr-atêre dipisah tur tanpa tôndha panggandhèng, kaya ta:

Dak tabêri, dak ngrungokake, dak ngunggahi, dak adus, di wêweka, di prayitna, di ngèstokake.

17. Têmbung Tandang

1. Dakjupuke bukune = aku tumandang anjupuk bukune.

Dakjupukne bukune = aku tumandang anjupukake bukune.

Dakjupukane bukune = aku tumandang anjupuki bukune.

Kabèh têmbung andhahan kang nganggo atêr-atêr: dak (sarta panambang: e, ne, ane) ngêmu surasa: aku tumandang, rimbage diarani: tandang utama purusa.

a. Dakjupuke = tandang utama purusa kriya wantah.

b. Dakjupukne = tandang utama purusa kekriya.

c. Dakjupukane = tandang utama purusa ikriya.

2. Têmbung lingga kang wasanane mênga, dadine: tandang utama purusa ikriya nganggo panambang: an, rangkêp loro, kaya ta: daktampanane, dakkancanane, daklêbonane, dakwêdènane, daklakonane.

3. Wêwatoning panulise têmbung tandang ing sastra Latin, atêr-atêre dipisah tur tanpa tôndha panggandhèng.

Tuladhane, yèn sarana milah-milah wandane:

Dak cêkêle = dak cê-kêl-e

Dak tampane = dak tam-pa-ne

Dak tampakne = dak tam-pak-ne

Dak tambanane = dak tam-ban-an-e

Dak samakane = dak sa-mak-an-e

18. Rimbag Guna

Têmbung andhahan sing mawa panambang: ên, kang ngêmu surasa: nandhang utawa kanggonan, rimbage diarani: guna, kaya ta:

lara + ên = laranên, atêgês: nandhang lara.

gudhig + ên = gudhigên, atêgês: kanggonan gudhig.

uwan + ên = uwanên, atêgês: kanggonan uwan.

19. Rimbag Adiguna

1. Têmbung andhahan sing mawa atêr-atêr: ka lan panambang: an, utawa: ên (tarkadhang: an, lan: ên) kang ngêmu surasa: kaduk, rimbage diarani: adiguna, kaya ta:

ka + irêng + ên = kirêngên, atêgês: kaduk irênge.

ka + dawa + an = kadawan, atêgês: kaduk dawane.

ka + dhuwur + ên = kêdhuwurên, atêgês: kaduk dhuwure

ka + suwe + an = kasuwèn, atêgês: kaduk suwene

2. Têmbung-têmbung: kêdawan, kêsuwèn, tarkadhang diwuwuhi panambang: ên, banjur dadi: kêdawanên, kêsuwènên.

3. Têmbung adiguna kang atêr-atêre: ka ora luluh karo purwaning lingga, kudu katulis: kê.[14]

20. Rimbag Bawa

1. Rimbag bawa ana: 6 warna, yaiku:

I. Bawa: ha, kaya ta: akadang, akudhung, maguru, madhukun.

II. Bawa:ka, kaya ta: kiris, kêgawa, kuwêlèh.

III. Bawa: ma, kaya ta: gumagus, jumêgur, gumludhug.

IV. Bawa kami, kaya ta: kamituwa, kamipurun.

V. Bawa kuma, kaya ta: kumawani, kumacèlu.

VI. Bawa kapi, kaya ta: kapidêrêng, kapilare.

2. Trape sêsêlan: ma ing têmbung dwilingga ana warna loro, bisa ana ing têmbunge sing ngarêp utawa sing buri.

a. Yèn trape sêsêlan: ma ing têmbunge sing ngarêp, rimbage diarani: dwilingganing bawa ma, kaya ta: tumurun-turun, tumangkar-tangkar, tumular-tular.

b. Yèn trape sêsêlan: ma ing têmbunge sing buri, rimbage diarani: bawa ma tundha, kaya ta: turun-tumurun, tangkar-tumangkar, tular-tumular.

3. Têgêse têmbung-têmbung bawa: ha

a. Mêtu, kaya ta: agodhong, asêmi, apupus.

b. Nganggo, kaya ta: akudhung, akotang, aclana.

c. Karo, kaya ta: mangan ajegang, mlayu asurak.

d. Duwe, kaya ta: asanak akèh, akadang dewa.

e. Mawa, kaya ta: asikil akèh, atracak wungkul.

f. Tur, kaya ta: gêdhe adhuwur, ayu aluwês.

g. Migunakake, kaya ta: maguru, madhukun.

h. Ambangêtake, kaya ta: mayuta-yuta.

4. Têgêse têmbung-têmbung bawa: ma:

a. Nindakake pakarti, kaya ta: maju, mundur, miring.

b. Darbe anggêp kaya, kaya ta: gumagus.

c. Kadunungan sipat, kaya ta: murub, gumêbyar.

d. Lagi wayahe, kaya ta: rumujak, rêmelas.

e. Klêbu basa rinêngga, kaya ta: dhumatêng, rumiyin.[15]

5. Têgêse têmbung-têmbung bawa: ka

a. Kêna di, kaya ta: kêprungu, kêtingal.

b. Ngalami (nandhang), kaya ta: kêtaton.

c. Lêlakon tanpa disêngaja, kaya ta: kiris, kolu.

6. Têgêse têmbung-têmbung bawa kami, bawa kuma, bawa kapi.

a. Kaduk, kaya ta: kumandêl, kamipurun, kapiadrêng.

b. Lagi wayahe, kaya ta: kumrujak, kumrêmpah.

c. Dadi, kaya ta: kamituwa, kamisêpuh.

d. Kasinungan kaanan, kaya ta: kamigilan, kamisêsêgên.

e. Kasinungan watak kaya, kaya ta: kapilare, kumini (pancène kudu: kumanini, nanging banjur diwancah sarana ambuwang perangan ing têngah).[16]

21. Têmbung Agnya

1. Tuladha:

A. Ukara tanduk B. Ukara tanggap

Kowe nyaringa wedangku = Wedangku saringên.

Agnya tanduk kriya wantah: nyaringa = Agnya tanggap kriya wantah = saringên.

Kowe nyaringna wedangku = Wedangku saringna.

Agnya tanduk kekriya: nyaringna = Agnya tanggap kekriya: saringna.

Kowe nyaringana wedangku = Wedangku saringana.

Agnya tanduk ikriya: nyaringana = Agnya tanggap ikriya: saringana.

2. Têgêse têmbung-têmbung agnya.

A. Agnya tanduk kriya wantah: nyaringa = akon supaya nyaring.

Agnya tanduk kekriya: nyaringna = akon supaya nyaringake.

Agnya tanduk ikriya: nyaringana = akon supaya nyaringi.

B. Agnya tanggap kriya wantah: saringên = akon supaya disaring.[17]

Agnya tanggap kekriya: saringna = akon supaya disaringake.

Agnya tanggap ikriya: saringana = akon supaya disaringi.

3. Pathine Paramasastra nêm warna êcakna ing têmbung-têmbung agnya ing ngisor iki.

[63]

mracayaa, pracayanên, nampakna, tampakna, nambanana, tambanana, nukua, tukunên, ngungsèkna, ungsèkna, ngisènana, isènana, mikira, pikirên, ngrasakna, rasakna, ngabanana, abanana.

22. Têmbung Kriya Wacaka

1. Kriya, atêgês: pagawean, tanduk. Wacaka, têgêse: têrang. Kriya wacaka, atêgês: têrange saka kriya.

2. Ngêndhang, ngêgong, anggêndèr, iku têmbung kriya (tanduk kriya wantah). Manawa diwuwuhi atêr-atêr: pa, banjur dadi: pangêndhang, pangêgong, panggêndèr, diarani rimbag: kriya wacaka.

3. Têgêse têmbung-têmbung kriya wacaka.

a. tukang, kaya ta: panggêndèr, pangêgong, pangêndhang.

b. piranti, kaya ta: panganggo, paningsêt, pangrasa.

c. ukuran, kaya ta: suwene sapanginang, dohe sapambalang.

[64]

d. panggêdhe, kaya ta: panèwu, panatus, panèkêt.

e. prênah, kaya ta: pambarêp, pangarêp.

f. cara, kaya ta: pamikir, pangrakit, pangira.

4. Panulise têmbung-têmbung kriya wacaka ing sastra Latin salaras karo panulise ing sastra Jawa, kaya ta: pangira, pangrasa, panutup, panginang.

23. Têmbung Wisesa Na

1. Têmbung wisesa na iku maksude têmbung mawa panambang: an.

Lingga: pôntha + an = panthan, wisesa na lingga.

Dwilingga: asah-asah + an = wisesananing dwilingga (asah-asahan).

Dwipurwa: têtuku + an = têtukon, wisesananing dwipurwa.

Dwiwasana: cêngingis + an = cêngingisan, wisesananing dwiwasana.

Bawa ka: klêbu + an = klêbon, wisesananing bawa ka.

Bawa ma: mati + an = matèn, wisesananing bawa ma.

Lingga andhahan: prakara + an = prakaran, wisesananing lingga andhahan.

Bawa kami: kamigila + an = kami gilan, wisesananing bawa kami.

2. Têgêse têmbung-têmbung wisesa na.

a. cangkokana = apa-apa sing di ….. f. bintèn = gêntèn.

b. krakalan = panggonan. g. ububan = piranti.

c. bulèn = kasinungan sipat. h. gunungan = pêpindhan.

d. kêkayon = akèh. i. trunajayan = jaman.

e. cundhukan = nganggo. j. jogedan = dolanan.

3. Ing ngisor iki isih ana manèh têmbung-têmbung sing mawa panambang: an, nanging jênênging rimbage ora mèmpêr karo asale têmbung ing sadurunge dipanambangi: an.

24. Karana Wacaka

1. Karana, têgêse: piranti, srana. Wacaka, têgêse: têrang. Karana wacaka, têgêse: têrange mratelakake srana utawi piranti.

2. Têmbung kriya wacaka: panyukur, pangungsi, manawa diwuwuhi panambang: an, banjur muni: panyukuran, pangungsèn, rimbage diarani: karana wacaka. Panunggalane têmbung karana wacaka, kaya ta:

pa + an + sêmbah + an = panêmbahan.

pa + any + sêrat + an = panyêratan.

pa + am + pondhok + an = pamondhokan.

pa + ang + angsu + an = pangangson.

3. Têgêse têmbung-têmbung karana wacaka.

a. tukang, kaya ta: pangalapan.

b. panggonan, kaya ta: panyêratan.

c. srana, kaya ta: panguripan.

4. Panulise têmbung karana wacaka ing sastra Latin, salaras karo ing sastra Jawa. Tuladhane, karo milah wanda pisan:

Pangungsèn = pa-ngung-sèn. Panyukuran = pa-nyu-kur-an

Panêmbahan = pa-nêm-bah-an. Pamondhokan = pa-mon-dhok-an

25. Daya Wacaka

1. Têmbung andhahan sing mawa atêr-atêr: pa lan panambang: an, kang atêgês têmbung aran, rimbage diaran: daya wacaka. Tuladhane:

pa + apu + an =papon. pa + kopi + an = pakopèn.

pa + awu + an = pawon. pa + gupu + an = pagupon.[18]

2. Têgêse têmbung-têmbung daya wacaka.

a. pajatèn = panggonan. d. paturan = apa-apa sing di.

b. patukon = piranti. e. playangan = tukang.

c. panèn = wêktu.

[68]

26. Bawa Wacaka

Têmbung andhahan sing mawa atêr-atêr: ka lan panambang: an, kang atêgês têmbung aran, rimbage diarani: bawa wacaka.

ka + wadana + an = kawadanan. ka + mantri + an = kamantrèn.

ka + dhatu + an = kadhaton.[19] ka + ratu + an = karaton.

2. Têgêse têmbung-têmbung bawa wacaka.

a. panggonan, kaya ta: kraton, kacamatan.

b. apa-apa kang mracihnani, kaya ta: kadigdayan.

c. apa-apa kang wis di, kaya ta: kasaguhan.

26. Sambawa

1. Têmbung-têmbung andhahan kang mawa panambang: a, na utawa: ana, êmbuh nganggo atêr-atêr apa ora, manawa atêgês: saupama, pamuji utawa sanajan, rimbage diarani: sambawa. Tuladhane:

Tukua jajan mau isih murah = saupama tuku.

Duwea dhuwit aku mênyang Jakarta = saupama duwe.

Duwea kae yèn mung 2 rupiyah = sanajan duwe.

Nukokna jajan mêsthi dialêm = saupama nukokake.

Udana = mujèkake udan (ngarêp-arêp).

Sagalakanea macan, …… = sanajan galak. Lan sapanunggalane.

2. Tumrap têmbung-têmbung: sambawa, manawa kriya wantah nganggo panambang: a, yèn kekriya nganggo panambang: na, dene ikriya nganggo panambang: ana.

3. Rimbag sambawa iku warna-warna bangêt. Para siswa kudu mangrêti marang wêwadine rimbag sambawa, kapriye carane nitèni siji-sijine. Kudu dititèni, ing sadurunge dadi sambawa wis duwe aran rimbag apa.

a. Yèn sing didadèkake sambawa têmbung lingga, dipanambangi: a, rimbage diarani: sambawa na.

bathi + a = bathia bodho + a = bodhoa

cêmpluk + a = cêmpluka gêdhe + a = gêdhea

b. Yèn asale saka têmbung lingga andhahan sing mawa atêr-atêr: sa, dipanambangi: an (yèn wasananing lingga mênga, panambange: an, rangkêp loro) + e + a, rimbage uga diarani: sambawa na. Tuladhane:

sa + galak + an + e + a = sagalakanea.

sa + pintêr + an + e + a = sapintêranea.

sa + ômba + an + an + e + a = saambananea.

sa + gêdhe + an + an + e + a = sagêdhenanea.

c. Yèn sing didadèkake sambawa têmbung:

dwipurwa: têtuku + a = têtukua = sambawaning dwipurwa kriya wantah.

dwipurwa: têtuku + na = têtukokna = sambawaning dwipurwa kekriya.

dwipurwa: têtuku + an + ana = têtukonana = sambawaning dwipurwa ikriya.

dwilingga: tutur-tutur + a = tutur-tutura = sambawaning dwilingga kriya wantah.

dwilinga: tutur-tutur + na = tutur-tuturna = sambawaning dwilingga kekriya.

dwilingga: tutur-tutur + ana = tutur-tuturana = sambawaning dwilingga ikriya.

tanduk: nômpa + a = nômpoa = sambawaning tanduk kriya wantah.

tanduk: nômpa + na = nampakna = sambawaning tanduk kekriya.

tanduk: nômpa + an + ana = nampanana = sambawaning tanduk ikriya.

tanggap ka: katêndhang + a = katêndhanga = sambawaning tanggap ka kriya wantah.

tanggap ka: katêndhang + na = katêndhangna = sambawaning tanggap ka kekriya.

tanggap ka: katêndhang + ana = katêndhangana = sambawaning tanggap ka ikriya.

tanggap na: ingangsu + a = ingangsua = sambawaning tanggap na kriya wantah.

tanggap na: ingangsu + na = ingangokna = sambawaning tanggap na kekriya.

tanggap na: ingangsu + an + ana = ingangsonana = sambawaning tanggap na ikriya.

bawa ma: gumantung + a = gumantunga = sambawaning bawa ma kriya wantah.

bawa ha: acaping + a = acapinga = sambawaning bawa ha kriya wantah.

bawa ka: klêbu + a = klêbua = sambawaning bawa ka kriya wantah.

bawa kami: kamituwa + a = kamituwaa = sambawaning bawa kami kriya wantah.

bawa kuma: kumratu + a = kumratua = sambawaning bawa kuma kriya wantah.

bawa kapi: kapiadrêng + a = kapiadrênga = sambawaning bawa kapi kriya wantah.

Mangkono sabanjure. Mêsthi bae ing sadurunge sinau rimbag sambawa kudu wis wasis bangêt marang kabèh jênênge rimbag-rimbag ing saliyane rimbag sambawa.

4. Wujude têmbung-têmbung sambawaning tanduk, padha karo agnya tanduk. Bisane ambedakake manawa têmbung-têmbung iku dumunung ana ing ukara. Tuladhane:

a. Anggambara gajah, saiki wis rampung = sambawaning tanduk kriya wantah.

I b. Anggambarna gajah, saiki wis rampung = sambawaning tanduk kekriya.

c. Anggambarana gajah ing bukuku, dak-alêm = sambawaning tanduk ikriya.

a. Kowe anggambara gajah = agnya tanduk kriya wantah.

II b. Kowe anggambarna gajah = agnya tanduk kekriya.

c. Kowe anggambarana gajah = agnya tanduk ikriya.


C. Pangrimbaging Tembung

Pangrimbag yaiku proses basa (kagunan basa) jawa, dumadine tembung andhahan saka tembung lingga, kanthi cara menehi wuwuhan (afiksasi) tumrap tembung lingga. Wujude wuwuhan ana papat yaiku : Ater-ater (awalan/prefik), seselan (sisipan / infiks), panambang (akhiran/sufiks) lan wuwuhan bareng (imbuhan rangkep/ kaonfiks).

a. Ater – ater iku wuwuhan kang manggone angsangarepe tembung sing diwuwuhi. Wujude ater – ater cacahe ana pirang – pirang ing antarane kaya ngisor iki.

1) Ka-

Ater–ater ka- uga sinebat bawa ka; gunane bisa kanggo gawe tembung kriya tanggap (kata kerja pasif) sing nduweni teges dikenengi pagaweyan kanthi disengaja.

Tuladha :

ka + pacul = kapacul

ka + tabuh = katabuh

ka + tendhang = katendhang

ka + grujug = kagrujug

Ater – ater ka – kerep kanggo ing basa rinengga, sing fungsine bisa ngluwesake tembung lan disasakake luwih alus.

Tulada :

Katur para lenggah, katitik saking sunaring condra myang kartika ingkang tumana ing kanggoning kang hamengku karsa, katon mancorong tejane hanelahi, karana suka ing manah kacikna tansah aktingal mesem jroning wardaya, pratondho kasok katresnane mring kena garwa “ (Panyondro pambiyawara).

2) N-(Anuswara)

Ater – ater an(anuswara) iku swara irung ing basa jawa wujude bisa an, am, ang, lan any, (n, m, ng, ny), gunane bisa kanggo gawe tembung kriya tanduk uatawa tembung kahanan (sifat) sing nduweni teges nindakake pagaweyan kaya sing dikarepake linggane.

Tuladha :

N + tulis = Nulis N + tiba = niba

N + magan= mangan N + pikir = mikir

N + kopi = ngopi N + aso = ngaso

N + sapu = nyapu N + sate = nyate

Utawa duwe teges ngandhakake kahanan uga bisa sifat kaya sing dikarepake linggane.

Tuladha :

N + lenga = nglenga N + yiyit = ngyiyit

N + sandhang = nyandhang N + slilit = nyilit

N + pringkil = mringkil N + plendhung = mlendung

N + jamur = njamur N + tipis = nipis

Ater–ater anuswara kerep kanggo ing basa rinengga, sing fungsine bisa nuwuhake perbawa ngesing swasana.

Tuladha :

Ngrakit tembung hangripta memanis hanuladha dhasaring nagara, ngiket marang pituduhe, nedya nata ambangun, pamong praja ngudi utami, mbengkas watak candhala, magut karya runtut, nyungsung majenging bebrayan sarwa sarwi ngupadi lan nguri –uri, ambabar Pancasila” (Tembang Dhandang Gula).

2) a-

Ater-ater a- uga disebut bawa ha. Wujude ater-ater bawa ha ana telu yaiku a-, ma-, mer-, gunane bisa kanggo gawe tembung kriya tanduk (kata kerja aktif) sing nduweni teges ngganggo utawa duwe.

Tuladha :

a + klinthing = ngganggo klinthing

a + sumping = nganggo sumping

a + basa = ngganggo basa

a + jimat = duwe jimat

a + dunung = duwe dunung

a + sirah = duwe sirah

Dene ater-ater ma–lan mer- duwe teges nindakake pagaweyan.

Tuladha :

ma + lumpat = malumpat

ma + gawe = magawe

ma + sungsung = masungsung

mer + tamba = mertamba

mer + dhukun = merdhukun

mer + dhayoh = merdhayoh

Ater-ater bawa ha karep kanggo ing basa rinengga, sing fungsine bisa dirasakake mbangetake kahanan utawa sifat lan swasana.

Tuladha :

Adreng jroning nala rising dinuta, singra malumpat manyungsung Rekyan Sinta, gupuh mertambah abasa Aydya, magawe kagyak Sang Dewe ……… (pocopan).

b. Seselan

Seselan iku wuwuhan sing umume manggon nlesep antarane aksara sepisan lan kapindho ing sawijining tembung, nanging yen tembung mau kawiwitan aksara urip (vocal) manggone ana ngarep lan beda unine. Seselan sing produktif dadi rerengganing basa yaiku in lan um.

Tuladha :

in + gurit = ginurit in + usung = ingusung

in + tubruk = tinubruk in + adu = ingadu

in + pilih = pinilih in + idak = ingidak

um + kaki = kumaki um + iris = kemiris

um + raket = rumaket um + udut = kemudut

um + susul = sumusul um + edol = kemedol

Seselan in lan um kerep kanggo ing basa rinengga, sing fungsine bisa nuwuhake swara endah lan mantepake tembung-tembunge.

Tuladha :

“Ingkang rinumpaka rumuhun inggih rising pinenganten sarimbit, jengkar saking sasana kursi rinengga tumanten malbeng sasana busana lukar pangageman kanarendran, ngrasuk busana kasatrian, humoring para Kenya ungaran putri dhomas. Dasar Kenya ayu-ayu mulo memper yen kemayu” (Panyondro manten).

Seselan in bisa kanggo gawe tembung kriya tanggap (kata kerja pasif) mula uga disebut tanggap (kata kerja pasif) mula uga disebut tanggapna, sing nduweni teges dikenengi prakaryan kanthi disengaja. Dene seselan um kang uga disebut bawa ma bisa kanggo gawe tembung kriya tanduk, sing nduweni teges nindakake pakaryan, uga bisa kanggo gawe tembung kahanan utawa sifat sing nduweni teges kaya kudu (kemudu-kudu).

c. Panambang

Panambang iku wuwuhan kang manggone ana mburine tembung sing diwuwuhi. Wujude panambang cacahe ana akeh, ing antarane kaya sing dirembug ngisor iki.

1) –ing / -ning

Panambang –ing/-ning gunane bisa kanggo gawe tembung katerangan, sing duweni teges nuduhake Manawa sawijining bab kaya kasebut ing linggane kena dipethekake.

Tuladha :

ageng + ing = agenging lunga + ning = lunganing

lampah + ing = lampahing marga + ning = marganing

jumbuh + ing = jumbuhing sirna + ning = sirnaning

urub + ing = urubing sabda + ing = sabdaning

marem + ing = mareming tali + ing = talining

surak + ing = suraking palu + ing = paluning

Panambang –ing/-ning kerep kanggo ing basa rinengga sing fungsine mantepake ukara lan maknane luwih merbawani.

Tuladha :

Gara – Gara

Gendhing gara–gara karana uzubing dahana ing satengahing samodra kang tanpa palwa, ombaking toya laksana patraning obor, binarung suraking mina ingkang rumaos mareming nala dupi wruhing taksana kandha macia–cia, nyata kanthi dhasaring bebener. Sayaning suwe mangkin anandra, datan kayang katon wilujeng apus krama, lampahing dhusta culika, nganggo tudhung warganing matirto kanthi gendhing pangobong–pangobong, butuh entuk petunging dhiri pribadhi, padha sakala kabetusing awing – awing, katataping, lumpuh bebayuning hangga.

Sirnaning taksaka sinareng jumbedhuling baya – baya kang mbebayani, aneng madyaning bebrayan. Akeh wongaku – aku jare saradhadhu, karana margining kleru, jebul tenane mung Bandar dhadu. Rakyate padha mlarat akeh sing sekarat kena paekaning bangsat, bondhoning Negara disikat aparat sing keparat.

Indonesia bangkit bersatu, kibaring genderaku, kumandhanging Indonesia Rakyaku, tuwuhning semangat generasi mudhaku, kawawa mbengkah gara–garaning rertu, mahanani mubaling kaya nyirep dahuru, Humuring ciptaning karsokanthi sesanti saliyek saeka praya mbangun bangsa lan nagara.

d. –ira / – nira / -nya

Panambang –ira/-nira/-nya gunane bisa kanggo gawe tembung katrangan, sing duweni teges duweke (miliknya).

Tuladha :

Rikmanira / rikmanya = rambut duweke

Idepira / idepnya = idep duweke

Netranira / netranya = mripat duweke

Wetengira / wetengnya = weteng duweke

Astanira / astanya = asta duweke

Panambang -ira/-nira/-nya kerep kanggo ing basa rinengga sing fungsine minangka pakurmatan marang sapa kang dirembug.

Tuladha :

Garwanira nata Ngastina Prabu Dwiyudana nenggih Wara Banowati, dhasarira putri nalendra kang ayu praupanira, degdegnya lencir, kilitira nemu giring, rigmanira ngandan–andhan, janggutira nawon kemit, jangganya ngolan–ngolan, astanira nggendhewa pinenthang, pupanya amokang gangsir, kempolira nduren sajuring, tungkaknya bunder–bunder lir jinangka”. (janturan).

e. Wuwuhan Bebarengan

Wuwuhan bebarengan yaiku wuwuhan loro sing beda pangganggone lan sumambunge ing tembung kanthi bebarengan. Wuwuhan beberangan wujude ater–ater lan panambang, dene sing kerep dianggo ing basa rinengga yaiku ka–an lan pa–an.

1) Ka–an / ke–an

Wuwuhan rangkep ka–an gunane kanggo gawe tembung aran utawa tembung kriya, sing nduweni teges ngandhakake bab panggonan utawa dikenengi pakaryan, uga kang sinandhang.

Tuladha :

Kasunanan = Panggonane Sunan

Karaton = Panggonane ratu

Kaputren = Panggonane para putri

Kapatihan = Panggonane patih

Kacipratan = kena cipratan

Kalungguhan = kena lungguh

Ketempuhan = kena tempuh

Kemalingan = kena maling

Wuwuhan bebarengan ka–an, kerep kanggo ing basa rinengga, sing fungsine bisa ngantepake surasaning tembung kang dikarepake.

Tuladha :

Kabejan, kasarasan, kasaenan miwah katentreman mugi tansah tumanduka ing kita sami” (pambukaning kandha).

2) Pa–an / paN-an

Wuwuhan rangkep pa–an/paN–an gunane kanggo gawe tembung aran, sing nduweni teges ngandhakake bab panggonan, utawa papan kanggo, utawa piranti kanggo.

Tuladha :

Pasuketan = Panggonan suket

Panitipan = Panggonan titip

Palungguhan = Panggonan lungguh

Pawuhan = panggonan uwuh

Pamulangan = Papan kanggo mulang

Pangguyangan = Papan kanggo ngguyang

Pandhelikan = Papan kanggo ndhelik

Pamancingan = Papan kanggo mincing

Panggorengan = Papan kanggo nggoreng

Patuladaan = Papan kanggo tuladha

Panguripan = Papan kanggo urip

Pangilon = Papan kanggo ngilo

Wuwuhan bebarengan pa–an/paN–an kerep kanggo ing basa rinengga sing, fungsine padha karo ka–an yaiku bisa ngantepake surasaning tembung kang dikarepake.

Tuladha :

“Para rawuh ingkang tansah winengku ing pakurmatan, mboten katalumpen panjenenganipun ingkang hamengku karsa hangglenggono kathah ing reh kalepatanipun anggenipun anembrana rawuh panjenengan karana kirang jumbuhing palenggahan, ugi pasegahan ingkang kirang miraos, punapa dene pahargyan ingkang kirang mirunggan, lumantar kula nyuwun agenging pangapunten”. (Pambyaharja).

2. Tembung rangkep

Tembung rangkep (reduplikasi) yaiku tembung kang dirangkep linggane utawa perangane, tembung rangkep wernane ana papat yaiku dwilingga, dwipurwa, dwiwasana lan trilingga. Dene sing kerep kanggo ing basa rinengga mung telu kaya sing dirembug ngisor iki :

a. Dwilingga

Dwilingga yaiku tembung andhahan kang dirangkep linggane. Wujude ana loro dwilingga lan dwilingga salin swara, kaya tuladha ngisor iki. Tuladha :

Dwilingga :

Adoh – adoh

Aruh – aruh

Mlayu – mlayu

Dolan – dolan

Rana – rana

Dwilingga Salin Swara :

Bola – bali thingak – thinguk

Wira – wiri mloka – mlaku

Cengar – sengir sleyar – sleyor

Gondhal – gandhul dolan – dolen

Menga – mengo leran – leren

Dwilingga kerep kanggo ing basa renengga, fungsine bisa nuwuhake rasa gecul (lucu) ana ing ukarane.

Tuladha :

“Methak–methok tak kandhani mung lakumu angisin– isini, ambok aja ngetok ana kandhang wae, enak–enak ngorok, oran nyambut gawe menthok–menthok munglakumu megal –megol gawe guyu” (lagu dolanan).

Dwilingga duweni teges mbangetake utawa makaping– kaping utawa nindakake pakaryan.

Tuladha :

Adoh – adoh bola – bali omah – omah

Dolan – dolan wira – wiri udan – udan

Adus – adus leran – leren tebah – tebah

b. Dwipurwa

Dwipurwa yaiku tembung andhahan sing dirangkep wanda sing ngarep (suku pertama) bisa kanggo gawe tembung kriya utawa aran, sing nduweni teges nindakake prakaryan utawa ndadekake sawijining bab.

Tuladha :

Resik Reresik Bungah Bebungah

Buka Bebuka Kancing Kekancing

Sulih Sesulih Mala Memala

Sumber Sesumber Lara Lelara

Tuku Tetuku Sakit Sesakit

Dwipurwa kerep kanggo ing basa rinengga sing nduweni fungsi pada karo dwilingga yaitu bisa nuwuhake rasa gecul (lucu).

Tuladha :

“Sintenta jejulukanipun pepatih Ngastina, anenggih Sang Sengkuni tetuangganing jurit naming bisane mung sesumbar, yen arep paring bebungah andhakane lali tur ora sida sing wadon jarene mundak dadi memala” (jantrunan).

c. Trilingga

Trilingga yaiku linggane rangkep telu, klebu jenising tembung kahanan (sifat). Tembung rangkep trilingga cacahe ora akeh, wondene tegese nelakake watak.

Tuladha :

Adigang – adigung – adiguna

Pethita – pethithi pethentheng

Sluman – slumun – slamet

Atut – runtut – reruntungan

Gandheng – renteng – renteng

Trilingga kerep kanggo ing basa reinengga sing nduweni fungsi bisa nuwuhake rasa gembira lan sumaraking swasana.

Tuladha :

“Temanten sarimbit gandheng renteng-renteng katon atut runtu rerentengan, lampahnya sluman–slumun–slamet, naming kentas ing karya bengkas reretuning margi kang awatak adigang-adigung–adiguna lan atingkah pethita–pethithi–pethenthengan”.

Pustaka

Bambang Ikhwanto. 2001. ”Kawruh Basa Jawa”. (Draf buku). Sukoharjo: Universitas Veteran Bangun Nusantara.

Subalidinata, R.S. 1994. Kawruh Paramasastra Jawa. Yogyakarta: Yayasan Pustaka Nusatama.

Padmasukaca. 1956. Pathine Paramasastra. Jakarta: Nurhop Kolêp.

Ujian Akhir

MK Morfologi Bahasa Jawa

Wangsulana pitakenan-pitakenan ing ngandhap menika kanthi ngginakaken basa Jawi krama ingkang leres!

1) Manawi sumambung ing têmbung ingkang kadospundi panambang: a, malih dados wa, malih dados ya. Panambang: an malih dados wan, malih dados yan. Kadospundi penyeratipun ing aksara Latin?

2) Sêsêlan ing basa Jawi menika wonten pinten? Terangna kanthi tuladha sakcekapipun!

3) Têrangna titikanipun têmbung-têmbung ingkang rimbagipun dipunwastani: guna, adiguna, kriya wacaka, karana wacaka, daya wacaka, bawa wacaka.

4) Têmbung-têmbung andhahan ing ngandhap menika têrangna sarana ngginakaken pathinipun paramasastra nêm warni, inggih menika: pangrimbagipun, namaning rimbagipun, têgêsing, pakêcapanipun, panyeratipun ing aksara Latin, sarta panganggenipun (sarana damel ukara):

1. ngulinakakên 6. ditulungi

2. ngrumiyini 7. katulisake

3. daktambani 8. katulisan

4. daktampane 9. ginônda

5. gudhigên 10. kamigilan


[1] § k(ya)i, ny(a)i

[2] § arane pangkat = wadana.

[3] § kulub = godhog, kuluban, dipluta dadi: kluban = apa-apa sing digodhog.

[4] alêm

[5] § Nanging: pawuhan ora kêna pawuwan.

[6] § Nanging: leyehan, ora kêna: leyeyan.

[7] § kêlawu dadi: klawu, jênênge: dipluta.

[8] § Lumrahe kagolongake tembung lingga. Pm.

[9] panggandhèng

[10] jlêrit

[11] § Ing jaman saiki, akèh wong sing duwe panêmu supaya panulise têmbung2 dwilingga digawe salaras karo wêwêton panulise “kata berulang” ing basa Indonesia.

[12] têlung

[13] § (+) tarung, têgêse padhadene. Tanggap tarung= padhadene tômpa.

[14] § Tarkadhang: ku, kaya ta: kuwarêgên.

[15] § Basa rinêngga= basa pacakan, basa brêgas.

[16] § Kum(an)ini

[17] § Sêmpurnane kudu ditêmbungake: agnyaning tanggap madyama purusa ……. Nanging dicêkak: agnya tanggap ……

[18] § gupu = aub, pagupon = pangauban.

[19] § dhatu = ratu.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *


*

Skip to toolbar