Candrane wong nginum
“Mênggah ingkang mungêl ing sêrat primbon pradikaning minum punika makatên:
1. eka padma sari; eka: sawiji, padma: kêmbang, sari: sarining kêmbang; wong minum antuk sadhasar, kaya kombang ngisêp sari;
2. dwi amartani; dwi: loro, amartani: andhap asor; wong minum antuk rong dhasar, saenggo gêlêm dikongkon, utawa diêpak;
3. tri kawula busana; tri: têlu, kawula: batur, busana: panganggo; wong minum antuk têlung dhasar, sanajan batur yèn bêcik panganggone kudu jajar lungguh lan bêndarane;
4. catur wanara rukêm; catur: papat, wanara: kêthèk, rukêm: wowohan; wong minum antuk patang dhasar, kaya kêthèk mangan wowohan;
5. panca sura panggah; panca: lima, sura: wani panggah: kasaguhan; wong minum antuk limang dhasar, sanajan wong kuru mêngi amêsthi ngumbar sanggup;
6. sad guna wêweka; sad: nênêm, guna: bangkit, wêweka: pangawasaning ati; wong minum antuk nêm dhasar, sanajan krungu wong maca utawa muji, pangrasane angrasani ala marang awake;
7. sapta kukila warsa; sapta: pitu, kukila: manuk, warsa: udan; wong minum antuk pitung dhasar, kaya manuk kodanan, awak ndharêdhêg, cangkême kêmruwuk;
8. astha sacara-cara; astha: wolu, sacara-cara: sawiyah-wiyah; wong minum antuk wolung dhasar, gampang mêtokake ujar sawiyah-wiyah;
9. nawa gra lapa; nawa: sanga, gra (wagra) : awak, lapa: lêsu; wong minun antuk sangang dhasar, wus sarwa lêsu awake;
10. dasa buta mati; dasa: sapuluh, buta: mêdèni, mati: mati têmên; wong minum antuk sapuluh dhasar, wus saengga mati, ewadene isih mêdèni, yèn obah, kang ndêlêng padha lumayu.”