Serat Tripama

Serat Tripama merupakan karya KGPAA Mangkunagara IV mengandung ajaran yang masih relevan sampai saat sekarang. Di samping itu, sangat menarik untuk dicermati dan dikaji oleh para pemerhati dan para peneliti. Berikut adalah Teks Serat Tripama.

 DHANDHANGGULA

 1.      

Yogyanira kang para prajurit
lamun bisa sira atulada[1]
duk ing nguni caritane
andelira sang prabu
Sasrabau ing Maespati
aran patih Suwanda
lelabuhanipun
kang ginelung tri prakara
guna kaya purun ingkang den antepi
nuhoni trah utama

 2.      

Lire lelabuhan tri prakawis
guna bisa saniskareng karya
binudi dadya unggule
kaya sayektinipun
duk bantu prang Manggada nagri
amboyong putri dhomas
katur ratunipun
purune sampun tetela
aprang tandhing lan ditya Ngalengka nagri
Suwanda mati ngrana

 3.      

Wonten malih tuladan prayogi
satriya gung nagri ing Ngalengka
sang Kumbakarna arane
tur iku warna diyu
suprandene gayuh utami
duk wiwit prang Ngalengka
denya darbe atur
mring raka  amrih raharja         
Dasamuka tan keguh ing atur yekti
dene mungsuh wanara

 4.       Kumbakarna kinon mangsah jurit
mring kang raka sira tan lenggana
nglungguhi kasatriyane
ing tekad tan asurud
amung cipta labuh nagari
lan nolih yayah rena
myang leluhuripun
wus mukti aneng Ngalengka
mangke arsa rinusak ing bala kapi
punagi mati ngrana

5.      

Wonten malih kinarya palupi
Surya putra narpati Ngawangga
lan Pandhawa tur kadange
len yayah tunggil ibu
suwita mring sri Kurupati
aneng nagri Ngastina
kinarya gul-agul
manggala golonganing prang
bratayuda ingadegken senopati
ngalaga ing Korawa

6.       Den mungsuhken kadange pribadi
aprang tandhing lan sang Dananjaya
sri Karna suka manahe
de gonira pikantuk
marga denya arsa males sih
ira sang Duryudana
marmanta kalangkung
denya ngetog kasudiran
aprang rame Karna mati jinemparing
sumbaga wirotama

 7.       Katri mangka sudarsaneng jawi
pantes sagung kang para prawira
amirita sakadare
ing lelabuhanipun
aywa kongsi buwang palupi
menawa tibèng nistha
ina esthinipun
sanadyan tekading buda[2]
tan prabeda budi panduming dumadi
marsudi ing kotaman


[1]               anulada

[2]               buta